Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Humor

Ndower

6 September 2012   02:08 Diperbarui: 25 Juni 2015   00:52 920
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
13468972531621808397

[caption id="attachment_197459" align="aligncenter" width="400" caption="ilustrasi dijupuk saka koranbalitribune.com"][/caption]

"Mbak, Mas Paijo ada nggak?"

Narti sing lagek umbah-umbah nang pinggir sumur noleh krungu ono suwara. Suwara sing ora liya saka Supri, adik sepupune Paijo. Arek lanang sing umure rong puluhan iku keto ruwet raine. Pacakane sing mentereng, model arek gaul saiki ora ngilangi ruwet pikir nang njero uteke.

"Kaet ae budal," saure Narti.

"Duh, mati guweh!" omonge karo ngeplak bathuke.

"Lapo?" takone Narti.

"Nggak, nggak papa. Pesen aja ya, ntar klo dia pulang bilang guweh nyari. Oke?"

Durung sampek disauri, arek lanang iku wis mlaku ngaleh. Narti mung iso gèdhèk-gèdhèk ndelok adik ipare iku. Wingi bengi arek lanang iku teka nang kampunge, mudik. Arek lulusan STM iku wis telung taun urip nang Jakarta. Lek manut ceritane, arek lanang sing ora gelem diceluk jeneng asline iku kerjo nang salah siji mall nang Jakarta. Jare dadi sing jogo toko klambi gaul alias distro. Ora nyambung karo sekolahe ancene sing lulusan otomotif. Bapake, pak lik'e Paijo, pingine anake ragil iku kon melu kerjo nang bengkele mas'e ning Supri ora gelem. Mangkel karo bapake sing rabi maneh mari ditinggal mati emak'e, mari lulus sekolah Supri milih melu koncone njajal Jakarta. Raine sing lumayan, ora elek masio yo ora ganteng mung awake apik, gedhe duwur, garai arek iku gampang oleh kerjoan. Pikire opo ae sing penting iso ngge mangan karo mbayar kontrakan nang Jakarta, ora mulih nang kampunge.

"Digoleki Supri, mau areke rene," omonge Narti pas bojone mulih.

"Lapo?" takone Paijo karo nyandak gelas, kate ngombe.

"Mbuh. Penting koyoke, raine ketok ruwet."

Durung nganti limang menit, sing dirasani mecungul. Raine sik pancet kaya mau, ruwet. Paijo meneng ae ndelok adik sepupune iku. Diterusno lek ngombe karo kipas-kipas, ngilangi sumuk.

"Mas, tolongin guweh dong," omonge Supri karo lungguh nang ngarepe Paijo.

"Sopo Guweh?" takone Paijo.

"Guweh, aku..."

"Lek ngomong biasa ae, gak ngerti aku."

Supri ngukuri gundule. Dibanding karo mas'e dhewe, Supri ancen luwih cedek karo Paijo. Mas'e ora bedo karo bapake menurute, senengane ngongkon, medit sisan.

"Guweh...eh aku kate nyilih sepeda, tulungi," omonge Supri.

"Oalah, lha kae gaween. Tak pikir kate jaluk tulung opo."

"Bukan sepedae sampeyan, sepeda motor. Aku kate nyilih nang persewaan."

"Sepedae bapakmu lak onok, masmu yo nduwe. Kate suwi ta nang omah?" takone Paijo.

"Halah koyok gak ngerti bapak karo mas ae, mosok oleh disilihi. Kudu onok rekening listrik karo kartu keluarga barang, lek mung KTP ae aku yo onok. Ya mas, plis?"

Paijo meneng. Eling biyen dheweke biasa dolanan karo adik sepupune iku pas cilik. Sakjoke nang Jakarta, adike iku kaet mulih pindo. Riyaya taun wingi areke ora mulih. Paijo nyawang Narti sing lungguh ora adoh saka dheweke karo Supri. Sing disawang meneng ae.

"Gak wani aku, ngko seneni bapakmu," saure Paijo.

"Bapak gak usah dikandani, beres. Ya?" Supri sik ngrayu.

Ora mergo ora sayang adike lek Paijo mikir temenan. Bapake Supri terkenal atos, ora peduli masio karo anake dhewe.

"Mene lho wis riyaya mas, aku kate dolen karo arek-arek."

"Yo wis kon mbonceng ae."

"Gak asik. Sepedae yo elek-elek. Kate nang Kenjeran aku."

"Gak nang bonbin sisan?" takone Paijo.

"Sampeyan iki mesti kok."

Paijo ambekan dawa. Ndelok raine Supri sing melas ora tega ning eling pak lik'e yo ora wani.

"Nyilih bapakmu ae, ngko aku sing ngomongno," omonge Paijo.

"Oleh ta? Paling yo ngge dolen karo wedokane."

"Heh, iku yo makmu. Ojo kurang ajar lek omong. Yo ngko tak omongno, timbang kon nyewo eman duite, resiko sisan."

"Yo wes," saure Supri manut.

"Pak'e..."

Ndemin 1 sing mau turu karo adike tangi. Arek cilik iku mlaku nyedeki bapake.

"Min, ikut Om yuk. Ntar guweh ajak jalan-jalan ke stasiun, liat kreta," omonge Supri.

Ndemin sing sik ngantuk meneng ae. Arek cilik iku masio ora wedi ning sik males cedek pak lik'e iku.

"Guweh opo pak?" takone nang bapake.

"Mbuh, koyok telo ngunu ketoke," saure Paijo.

Supri mrenges karo kukur-kukur gundule.

Kaya sing wis dijanjekno nang Supri, Paijo njajal omong nang pak lik'e perkoro Supri sing kate nyilih sepeda ngge dolen karo kancane. Wis iso ditebak, bapake Supri ora ngolehi. Wong lanang iku malah ngamuk, ngomel sak dawane. Mulai saka anake sing ora manut, pacakane aneh, omongane aneh, macem-macem. Supri sing mangkel langsung metu, minggat nang omahe kancane.

"Omongono adikmu iku, kon macak sing nggenah. Rambut dicet koyok geni, omong karo wong tuwek gak sopan. Guweh...guweh, mosok aku ngerti, dipadakno bapake iki tau mangan sekolahan ae. Gak usah mbalik nang Jakarta, nang omah ae ngewangi mas'e opo melu aku bakulan. Opo dianggepe aku iki wong tuwek sing medit, sampek disilihi sepeda karo anake dhewe gak oleh? Iku kabeh bondoku yo nggo sopo suk lek gak nggo raine. Karo mak'e yo kurang ajar, gak ngajeni...."

Sore iku Paijo malah kudu ngrungokno pak lik'e curhat. Lek ora mergo diparani Ndemin sing njaluk nang mushola ndelok wong takbiran Paijo ora bakal iso ngaleh. Nang omahe kancane atine Supri selot mbedodok, lara. Pak'e wis ora iso diarep-arep. Niate kate nyilih sepeda motor malah dawa urusane, diomeli ngalor ngidul. Bengi suwara takbiran selot akeh, banter. Nang kasure kancane Supri ora iso turu. Akhire jam sewelasan Supri pamit mulih.

"Lik, Supri tabrakan."

"Heh, nang ndi?"

Isuk wong-wong sing kaet mulih saka mushola mari Sholat Ied heboh. Sebabe mergo krungu kabar Supri tabrakan. Arek lanang sik mau bengi ora iso turu iku duwe niat kate nggowo mlayu sepeda motore bapake pas ditinggal sholat. Saking kesusu, ora tinggen lek numpak sepeda akhire malah njlungup nang jembatan, mlebu kali.

Untung ono wong liwat. Supri sing mringis kelaran digawa nang Puskesmas numpak becak. Isuk iku bapake, mak tirine, Paijo karo nggowo Ndemin 1 lan tanggane moro nang Puskesmas. Ora nemen, mung lecet-lecet. Lek ono sing rada nemen yo lambene. Mlayokno sepeda ora nggawe helm trus njlungup, lambene Supri ketatap setang. Sepeda motore sing melu njegur kali wis diangkat. Bocel sithik.

"Oalah Pri...Pri onok-onok ae awakmu iki. Lapo atek nyolong-nyolong? Koen gawe lho aku gak katene nesu, gawe-gawenen. Wong tuwek koyok aku yo isone ngene ki, ngandani. Lek ngomel ngene ki yo mergo peduli karo anak, karo koen. Untung kaline cilik, lek iku mau trus nabrak sepeda liyo opo truk trus yok opo. Koen lak langsung end!"

"Wis lik, sabar. Sakno areke..." omonge Paijo.

Sing diomeli sik lara atine. Selot lara mergo awake yo lara. Akhire arek lanang iku mung iso mbrebes, nangis.

"Riyaya gak jaluk sepuro, malah pecicilan. Trus lek wis njlungup ngene ki sopo sing repot? Aku maneh kan?" omele bapake Supri.

***

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humor Selengkapnya
Lihat Humor Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun