Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Humor

Mendem

10 Agustus 2012   03:57 Diperbarui: 25 Juni 2015   02:00 924
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

[caption id="attachment_192264" align="aligncenter" width="480" caption="ilustrasi disilih saka polahidupsehatku.blogspot.com"][/caption]

"Mak, atu elu. Ya?" omonge Ndemin 1.

"Melu nang ndi, wong mak'e gak nang ndi-ndi kok."

"Nang mucola, buko."

Narti sing lagek nyapu nang pawon ora ngerti maksude anake. Ancen Ndemin 1 sing masio durung iso moco, ngomong ae sik cedal biasa melu ngaji nang mushola cedak omah, elok-elok bawang lek ngarani.

"Makmu ancen gak gaul kok Min. Gak ngerti berita," sauté Paini.

Wong wedok tanggane Narti iku kaet isuk wis dolan. Anak-anake wis budal sekolah kabeh.  Bedo karo Narti sing sregep ngramut omah, Paini paling males lek kon ngresiki omah. Diresiki ngko yo diregeti anak-anake maneh, ngunu alasane lek ditakoni.

"Lha emange onok opo?" takone Narti.

"Ngko ki onok buka bersama nang mushola. Arek-arek kon ngumpul jam 5, biasa lak ngaji jam 3 'a."

"Loh, iyo ta? Lak nggowo panganan brarti."

"Gak, glatis mak!" sauté Ndemin 1.

"Makane ta Ti..Ti ojo nang omah ae, maleh kuper ngene koen. Ngko ki arek-arek mung kumpul thok, panganan wes dicepakno. Ojo-ojo koen yo gak ngerti lek sesuk nang Posyandu, ngumpul?"

"Yo ngerti lek iku, Ndemin kan wayahe imunisasi."

"Gak iku thok, wong-wong wedok dikumpulno kabeh. Ngko onok wong ko pemerintah sing bakal moro, onok pengarahan karo mangan-mangan. Ojo sampek gak teko koen."

"Lha acara opo iku? Sopo sing mbayari?" takone Narti bingung.

"Wong nduwuran sing mbayari, pokoke kene teko ae, manthuk-manthuk lak uwes. Pak'e Tomin yo kon golek wong-wong lanang, sesuk kon ngumpul nang omahe Pak RT."

Narti nyelehno sapune. Matane nyawang Paini sing lungguh nang lincak. Wong wedok iku ancen jarang metu, ngramut anake loro sing sik cilik-cilik karo ngurus omah ae wis ngentekno wektune, tenagane.

"Kate pemilihan ta iki?" takone.

"Lha embuh. Lek prosoku yo gurung sih tapi saiki lak kudu cepet, selak direbut liyane."

"Mak, melu ya?" Ndemin 1 takon maneh nang emake.

Narti manthuk. Ndelok mak'e ngolehi Ndemin 1 langsung lunjak-lunjak seneng. Arek cilik iku mubeng-mubeng karo bengak-bengok.

"Sttt ojo rame-rame, adike sik turu," omonge Narti.

Sore jam 3 Ndemin 1 wis umek njaluk diadusi. Arek cilik iku wis ora kanten kate budal nang mushola. Paijo sing wis mulih melu ngumun ndelok anake sregep. Mari dikandani bojone wong lanang iku langsung manthuk-manthuk, paham. Wong kampung wis rame kaet wingi-wingi. Paijo sing lagek akeh penggawean lan wis paham ngunu-ngunu iku mung meneng ae, ora melu komen. Slama iki kampunge jarang dinggo ditiliki penggedhe. Kampunge mung kampung cilik, kampung pinggiran. Biyen ono sing kampanye nang kampunge ning mergo wong kampunge ora patio paham, dudu wong-wong sing pendidikane duwur, akeh sing ora nyoblos. Ora paham lan ora penting.

Jam 4 Ndemin 1 sing wis ganteng ora kenek dikandani maneh. Arek cilik iku njaluk budal nang mushola. Ora ngurus raine sing sik merok-merok, arek iku ora gelem dibenakno karo mak'e.

"Caiki ae, ngko telat!" bengoke.

"Jarno ae mak, paling arek-arek liyane yo wes budal," omonge Paijo.

"Susune digowo," omonge Narti nang anake.

"Gak ucah, nang kono akeh jajan nto."

"Halah, biasa yo gak seneng ae. Digowo thok ae, mak'e gak melu ngko gak iso ngeterno."

"Gak, ceneng nto. Jajane enak-enak, oleh cucu yoan."

Narti ora ngrungokno anake, dijupuk susune anake sing wis disiapno nang pawon mau. Wong wedok iku wis paham modele anake. Anake iku angel mangan lan mesti goleki susune.

"Atu budal kalo Omin," bengoke Ndemin karo mlayu metu.

Paijo mung mesem ndelok polahe anake. Narti sing mbalik nang kamar tengah aro nggowo botol susu bingung ngoleki anake.

"Wes ilang," omonge Paijo.

Narti mecucu. Anake iku lek wis nduwe karep ancen angel. Ngene iki jenenge nambah penggaweane polahe dheweke kudu ngeterno susu nang mushola ngko, batine.

"Mak...adus," omonge Paijo karo mesem.

"Adus dewe kono, malese!"

Mari ngadusi anake sing cilik, Narti trus adus. Paijo yo wis resik. Jam 5 Narti ngongkon bojone ngeterno susune Ndemin 1 nang mushola ning Paijo ora gelem. Jare ngko anake malah nesu, isin. Ndemin 1 ancen kerep diisin-isin koncone lek ngedot opo maneh lek ketemon sik nyusu mak'e. Alasane Paijo omahe yo cedek ae, ngko lek pingin lak areke iso mulih. Paijo sing wis janjian karo koncone, kon ngewangi mbenakno motore sing rusak milih budal. Sepeda motore koncone sesuk digawe kerjo dadi lek iso dina iki kudu mari.

Akhire Narti nang omah dewe karo anake, Ndemin 2. Kate budal nang mushola eling omongane bojone ning lek ora budal wedi anake goleki susune. Akhire Narti milih budal nang mushola, masio teka kono mung ngadeg rada adoh cek ora ketok anake. Nang mushola arek-arek cilik wis rame, umek ae. Kotak sega wis dibagekno siji-siji. Takjil, susu, jajanan yo wis dicekel dewe-dewe. Nang mushola Narti ora dewean, akeh tanggane sing melu nunggoni anak-anake. Wong-wong tuwa sing nunggu anak-anaake yo oleh bagian ning Narti ora gelem. Wong wedok iku wis masak nang omah, ketambahan jajan yo ora ono sing mangan ngko, malah eman lek ora kepangan.

Jam setengah 6 luwih 10 bedug wis diunekno, wayahe buko. Arek-arek cilik sing wis ora sabar langsung mbuka panganane dewe-dewe, termasuk Ndemin 1. Masio mulane ketok bingung, Ndemin 1 ora biasa mangan dewe lan ora biasa mangan sega kotakan bolak-balik ngliriki Tomin. Ndelok koncone lek mangan enak, Ndemin 1 melu-melu. Susu kotakan sing dibagekno panitia disruput.

"Huek! Huek!

Narti sing lungguh karo tanggane nang sanding mushola karo ndolani Ndemin 2 kaget krungu suwara arek mutah. Ora let suwi selot akeh. Arek-arek cilik sing mau lungguh anteng karo mangan buyar, rame dewe. Wong-wong sing nunggoni melu rame. Ndelok iku Narti langsung ngadeg, ndelok anake. Wong-wong padha rebut nggoleki anake dewe-dewe. Ono sing digendong, suwara tangis campur bengokan garai selot panik.

"Pak'e," celuke Ndemin 1 lemes pas ndelok bapake.

Narti sing lungguh nang sandinge Ndemin ndelok bojone teka kate nangis ning diempet.

"Ho oh, pak'e teko," omonge Paijo karo nyanding anake.

Ndemin 1 salah siji saka 6 arek sing dirawat nang puskemas. Koncone liyane sing luwih parah dirujuk nang rumah sakit. Susu sing dibagekno nang acara buko bareng tibake wis kadaluarsa. Paijo ngelus-elus gundule anake sing sik teller iku, durung patio sadar.

***

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humor Selengkapnya
Lihat Humor Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun