Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Humor

Mendem

10 Agustus 2012   03:57 Diperbarui: 25 Juni 2015   02:00 924
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

"Wes ilang," omonge Paijo.

Narti mecucu. Anake iku lek wis nduwe karep ancen angel. Ngene iki jenenge nambah penggaweane polahe dheweke kudu ngeterno susu nang mushola ngko, batine.

"Mak...adus," omonge Paijo karo mesem.

"Adus dewe kono, malese!"

Mari ngadusi anake sing cilik, Narti trus adus. Paijo yo wis resik. Jam 5 Narti ngongkon bojone ngeterno susune Ndemin 1 nang mushola ning Paijo ora gelem. Jare ngko anake malah nesu, isin. Ndemin 1 ancen kerep diisin-isin koncone lek ngedot opo maneh lek ketemon sik nyusu mak'e. Alasane Paijo omahe yo cedek ae, ngko lek pingin lak areke iso mulih. Paijo sing wis janjian karo koncone, kon ngewangi mbenakno motore sing rusak milih budal. Sepeda motore koncone sesuk digawe kerjo dadi lek iso dina iki kudu mari.

Akhire Narti nang omah dewe karo anake, Ndemin 2. Kate budal nang mushola eling omongane bojone ning lek ora budal wedi anake goleki susune. Akhire Narti milih budal nang mushola, masio teka kono mung ngadeg rada adoh cek ora ketok anake. Nang mushola arek-arek cilik wis rame, umek ae. Kotak sega wis dibagekno siji-siji. Takjil, susu, jajanan yo wis dicekel dewe-dewe. Nang mushola Narti ora dewean, akeh tanggane sing melu nunggoni anak-anake. Wong-wong tuwa sing nunggu anak-anaake yo oleh bagian ning Narti ora gelem. Wong wedok iku wis masak nang omah, ketambahan jajan yo ora ono sing mangan ngko, malah eman lek ora kepangan.

Jam setengah 6 luwih 10 bedug wis diunekno, wayahe buko. Arek-arek cilik sing wis ora sabar langsung mbuka panganane dewe-dewe, termasuk Ndemin 1. Masio mulane ketok bingung, Ndemin 1 ora biasa mangan dewe lan ora biasa mangan sega kotakan bolak-balik ngliriki Tomin. Ndelok koncone lek mangan enak, Ndemin 1 melu-melu. Susu kotakan sing dibagekno panitia disruput.

"Huek! Huek!

Narti sing lungguh karo tanggane nang sanding mushola karo ndolani Ndemin 2 kaget krungu suwara arek mutah. Ora let suwi selot akeh. Arek-arek cilik sing mau lungguh anteng karo mangan buyar, rame dewe. Wong-wong sing nunggoni melu rame. Ndelok iku Narti langsung ngadeg, ndelok anake. Wong-wong padha rebut nggoleki anake dewe-dewe. Ono sing digendong, suwara tangis campur bengokan garai selot panik.

"Pak'e," celuke Ndemin 1 lemes pas ndelok bapake.

Narti sing lungguh nang sandinge Ndemin ndelok bojone teka kate nangis ning diempet.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humor Selengkapnya
Lihat Humor Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun