[caption id="attachment_121097" align="aligncenter" width="605" caption="ilustrasi nyilih nang ceritamu.com"][/caption]
Nardi kaet ae mlebu omah pas ndelok bojone, Mirah, metu soko kamar karo mlerak-mlerok. Opo maneh, batine Nardi. Gak pingin nambah pikirane sing ruwet mergo kerjoan, Nardi langsung nyandak piring, kate mangan.
Mirah  : Isuh dhisik kono lho, teko-teko langsung nyandak panganan!
Nardi  : Resik kok, selak luwe.
Mirah  : Lek diomongi lak mesti ngeyel. Lek loro weteng ojo sambat ngko.
Gak pingin bojone selot nyocot akhire Nardi ngalah, klunak-klunuk mlaku nang korahan. Mari ngisuhi tangane Nardi mbalik maneh nang mejo makan. Sik durung mbukak tutupe sego Nardi mandek, nyawang Mirah sing lungguh nang lincak gak adoh soko kursine. Bojone iku lagi umek karo klambi sing mari dientas soko jemuran. Raine ditekuk, kecut.
Nardi  : Oalah Mak, mbok yo pisan-pisan ojo asem ae sayure. Gak bosen ta?
Mirah  : Asem yok opo? Genah sayur lodeh ngunu lho. Disawang ta sing bener, dirasakno!
Nardi  : Lha rupamu koyok ngunu kui, opo gak maleh asem kabeh masakanmu. Pisan ae lek bojone mangan ki ditunggoni karo mesem, sumringah, gak mbetutut ae.
Mirah  : Halah, kakean cangkem. Kei blonjo sing akeh sik baru tak kei eseman, sak njalukmu!
Nardi  : Mrunu maneh mbaliki. Mbok dadi wong wedok iku sing akeh syukur. Sik duwe bojo sing nggolekno panganan. Omah masio elek yo sik iso dinggoni. Mangan masio biasa yo gak sampek utang-utang. Anak yo sehat-sehat. Sik kurang ta ngunu iku?
Mirah  : Omong karo sampeyan ki ngentekno abab. Mending omong karo boto!
Nardi  : Yo kono gek ndang omong karo boto, cek ndarani wong edan.
Mirah  : Teko-teko mesti ngejak gelut. Gak ngerti wong wedok kaet isuk durung leren. Garek mangan ae mesti nyocot!
Nardi  : Sing ngejak gelut ki sopo? Gak kuwalik ta? Bojo kesel-kesel muleh kerjo gak diladeni malah disuguhi rai mbetutut koyok ngunu kui.
Mirah  : Mbuh! Salahmu dewe biyen gelem ngrabi aku!
Nardi  : Malah teko ngendi-ngendi. Tambah males mangan!
Mirah  : Gak gelem mangan yo wes. Luwe yo weteng-wetengmu dewe.
Lanang wedok iku selot seru lek adu lambe. Nardi sing mau muleh wetenge kroso luwe langsung ilang selera, gak sido mangan. Mirah sing gak kalah kesel mergo kaet isuk umek ngurus omah emosine yo lagi duwur. Gak kroso pas lagi tukaran, anake sing cilik, Ndemin II, muleh. Arek kelas telu esde sing mari dolenan soko omahe Leni, konco sekolahe, iku wedi ndelok bapak emake tukaran. Masio ta gak athek jotos-jotosan tapi krungu suoro banter Ndemin II keder. Karo nangis arek lanang iku mlayu ninggalno omah karo nyeluki mas'e. Nang lapangan sing gak patio adoh soko omahe de'e mandek. Mas'e, Ndemin, sing lagi bal-balan karo arek-arek kampung liyane diuglek-uglek tangane, dijak muleh.
Ndemin IIÂ Â Â Â Â Â : Mas! Mas! Pak'e...Mak'e... *mbrebes*
Ndemin          : Lapo? Pak'e karo Mak'e lapo?
Ndemin IIÂ Â Â Â Â Â : Awake dewe bakal duwe bapak tiri, emak tiri huhuhu
Ndemin          : Omong opo kon iku? Sing genah ta?
Ndemin IIÂ Â Â Â Â Â : Pak'e karo Mak'e end!
Ndemin          : Heh? Maksude opo?
Ndemin IIÂ Â Â Â Â Â : Pak'e karo Mak'e kate pegatan, cerai! Awake dewe bakal nggo rebutan. Yok opo nasibe kene, Mas. Aku melu sopo? *sik mbrebes*
Ndemin          : Jare sopo? Ojo aneh-aneh kon. Sopo sing omong lek Pak'e karo Mak'e kate cerai?
Ndemin IIÂ Â Â Â Â Â : Mau pas muleh dolen aku ndelok Pak'e karo Mak'e tukaran. Mak'e bengok-bengok trus ngomong ngene, sampeyan...aku...kukut! Yok opo iki, Mas? Huhuhuhu.
Ndemin          : Iyo ta? Aku milih sopo yoan, bingung. Mak'e cerewet tapi panganane enak. Pak'e elek tapi sayang karo kene. Huhhuhuhu *melu nangis*
Ndemin IIÂ Â Â Â Â Â : Mas, ayo muleh. Pak'e gak oleh pegatan karo Mak'e. Aku gak gelem kene pisah.
Akhire adek karo mas iku mlaku muleh karo mbrebes. Konco-koncone sing ndelok mung plonga-plongo ae, gak ngerti kudu yok opo. Teko omah, Ndemin karo Ndemin II gak nemu bapak karo emake. Selot bingung arek loro iku nangis banter. Moro-moro Ndemin II eling, ndelok kamare bapak karo emake sing tutupan, de'e mikir mungkin bapak utowo emake nang njero. Lawang soko triplek iku digedor banter-banter karo nangis. Gak suwe bapake mbuka lawang, mecungul. Nardi kaget ndelok anak-anake muleh karo nangis.
Nardi              : Lah, lapo kon iku? Muleh-muleh nangis? Gelutan karo koncomu ta?
Ndemin IIÂ Â Â Â Â Â : *Ndelok pak'e metu sarungan selot banter nangise* Pak'e ojo rabi maneh, masio Mak'e gak patio ayu, cerewet sisan tapi aku sayang Mak'e, aku gak gelem duwe mak tiri.
Ndemin          : Iyo Pak'e, aku yo emoh. Ojo pegatan Pak'e, aku ojo nggo rayahan. Aku yo gak gelem pisah karo adek huhuhu.
Nardi              : Sik ta lah, kon arek loro iki ngomong opo? Sopo sing kate rabi? Sopo sing kate pegatan?
Ndemin IIÂ Â Â Â Â Â : Lha Pak'e lapo gawe sarung? Kate ijaban maneh ta?
Ndemin          : Pak'e, emak tiri enake mung sediluk, ngko lak sampeyan nyesel. Koyok bapake Arip kae, saiki maleh kere koyok wong edan sisan.
Nardi              : Arek loro iki podo kesambet opo sakjane. Kon mau dolen nang kuburan ta? Aku gak kate rabi maneh. Aku karo Makmu yo gak katene pegatan.
Ndemin IIÂ Â Â Â Â Â : Trus lapo mau tukaran karo Mak'e? Lapo kok Mak'e mau muni, sampeyan...aku...kukut, ngunu?
Nardi              : Ealah, iku ta? Biasalah Makmu, iku mau nirukno artis nang tipi.
Ndemin          : Lha Mak'e nang ndi?
Lagek ae ditakokno, Mirah sing nang njero kamar mbengoki bojone.
Mirah              : Pak'e!
Nardi              : Iku lak Makmu *omonge nang anak-anake* Sik, Mak'e!
Mirah              : Kesuwen!
Nardi              : Wes, gek mbalik dolen kono. Gak onok sing kate rabi maneh, ojo kuatir.
Ndemin IIÂ Â Â Â Â Â : Temenan? Aku gak bakal duwe emak tiri?
Ndemin          : Bapak tiri?
Nardi              : Gak onok. Pak'e ki sik sayang Makmu. Wes, ojo rame ae ngko dikabruk Makmu malahan. Dolen kono, ojo nangis maneh.
Ndemin IIÂ Â Â Â Â Â : Sumpah?
Nardi              : Gusti! Iyo-iyo. Wes, Min, adike dijak dolen nang lapangan kono, sing adoh. Ojo muleh lek durung kate magrib.
Ndemin          : Sampeyan kate nang ndi? Kate lapo?
Nardi              : Pak'e kate rapat karo Makmu. Ayo, ndang ngaleh kono. Ngko lek kesuwen, Makmu mangkel Pak'e dikabruk maneh.
Mirah              : Pak'e! Suwemen!
Nardi              : Kae lho, Makmu wes bengak-bengok, ndang kono dolen.
Ndemin II nyawang raine mas'e. Mari mas'e manthuk akhire arek lanang iku gelem ngaleh. Adik karo mas iku kate mbalik nang lapangan maneh, atine wes lego gak koyok mau. Ndemin nggandeng tangane adike karo ngusapi bekas luh sing ndredes nang pipine Ndemin II. Mari anake ngaleh, gak ketok maneh, Nardi ndang-ndang mbalik mlebu nang kamar.
***
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI