Mirah  : Omong karo sampeyan ki ngentekno abab. Mending omong karo boto!
Nardi  : Yo kono gek ndang omong karo boto, cek ndarani wong edan.
Mirah  : Teko-teko mesti ngejak gelut. Gak ngerti wong wedok kaet isuk durung leren. Garek mangan ae mesti nyocot!
Nardi  : Sing ngejak gelut ki sopo? Gak kuwalik ta? Bojo kesel-kesel muleh kerjo gak diladeni malah disuguhi rai mbetutut koyok ngunu kui.
Mirah  : Mbuh! Salahmu dewe biyen gelem ngrabi aku!
Nardi  : Malah teko ngendi-ngendi. Tambah males mangan!
Mirah  : Gak gelem mangan yo wes. Luwe yo weteng-wetengmu dewe.
Lanang wedok iku selot seru lek adu lambe. Nardi sing mau muleh wetenge kroso luwe langsung ilang selera, gak sido mangan. Mirah sing gak kalah kesel mergo kaet isuk umek ngurus omah emosine yo lagi duwur. Gak kroso pas lagi tukaran, anake sing cilik, Ndemin II, muleh. Arek kelas telu esde sing mari dolenan soko omahe Leni, konco sekolahe, iku wedi ndelok bapak emake tukaran. Masio ta gak athek jotos-jotosan tapi krungu suoro banter Ndemin II keder. Karo nangis arek lanang iku mlayu ninggalno omah karo nyeluki mas'e. Nang lapangan sing gak patio adoh soko omahe de'e mandek. Mas'e, Ndemin, sing lagi bal-balan karo arek-arek kampung liyane diuglek-uglek tangane, dijak muleh.
Ndemin IIÂ Â Â Â Â Â : Mas! Mas! Pak'e...Mak'e... *mbrebes*
Ndemin          : Lapo? Pak'e karo Mak'e lapo?
Ndemin IIÂ Â Â Â Â Â : Awake dewe bakal duwe bapak tiri, emak tiri huhuhu