Ndemin          : Omong opo kon iku? Sing genah ta?
Ndemin IIÂ Â Â Â Â Â : Pak'e karo Mak'e end!
Ndemin          : Heh? Maksude opo?
Ndemin IIÂ Â Â Â Â Â : Pak'e karo Mak'e kate pegatan, cerai! Awake dewe bakal nggo rebutan. Yok opo nasibe kene, Mas. Aku melu sopo? *sik mbrebes*
Ndemin          : Jare sopo? Ojo aneh-aneh kon. Sopo sing omong lek Pak'e karo Mak'e kate cerai?
Ndemin IIÂ Â Â Â Â Â : Mau pas muleh dolen aku ndelok Pak'e karo Mak'e tukaran. Mak'e bengok-bengok trus ngomong ngene, sampeyan...aku...kukut! Yok opo iki, Mas? Huhuhuhu.
Ndemin          : Iyo ta? Aku milih sopo yoan, bingung. Mak'e cerewet tapi panganane enak. Pak'e elek tapi sayang karo kene. Huhhuhuhu *melu nangis*
Ndemin IIÂ Â Â Â Â Â : Mas, ayo muleh. Pak'e gak oleh pegatan karo Mak'e. Aku gak gelem kene pisah.
Akhire adek karo mas iku mlaku muleh karo mbrebes. Konco-koncone sing ndelok mung plonga-plongo ae, gak ngerti kudu yok opo. Teko omah, Ndemin karo Ndemin II gak nemu bapak karo emake. Selot bingung arek loro iku nangis banter. Moro-moro Ndemin II eling, ndelok kamare bapak karo emake sing tutupan, de'e mikir mungkin bapak utowo emake nang njero. Lawang soko triplek iku digedor banter-banter karo nangis. Gak suwe bapake mbuka lawang, mecungul. Nardi kaget ndelok anak-anake muleh karo nangis.
Nardi              : Lah, lapo kon iku? Muleh-muleh nangis? Gelutan karo koncomu ta?
Ndemin IIÂ Â Â Â Â Â : *Ndelok pak'e metu sarungan selot banter nangise* Pak'e ojo rabi maneh, masio Mak'e gak patio ayu, cerewet sisan tapi aku sayang Mak'e, aku gak gelem duwe mak tiri.