"Hooh."
"Kurang ajar! Bambang sopo, tak bacoke. Cek wanine kurang ajar nang ponakanku. Trus bapake nang ndi saiki?"
"Bambang sing jare dosen iku lho. Bapake nang kantor polisi. Ki Paimo yo digowo sisan. Oalah Kang, kok elek nemen nasibe anakku."
Krungu jeneng Bambang digowo-gowo Ndemin langsung meneng. Arek lanang iku gak gulung-gulung maneh. Parti, bibine, emake Paimo sepupu lan konco sekolahe sik nangis nang rangkulane emake. Selama iki ancen Bambang, wong lanang sing dipikire sayang, dianggep koyok papahe dewe ternyata duwe niat elek. Sakwise ngeneng-ngeneng adike, pak'e langsung budal nang kantor polisi. Parti dijak muleh soale onok anake cilik sing ditinggal nang omah.
"Kono, saiki meluo papah Bambangmu kono. Arek kok bukane syukur sik duwe bapak emak malah katene kurang ajar. Saiki lek wani meluo Bambang, cek dikeloni kono!" omele emak.
"Gak, mak. Aku anakmu. Aku wes yakin saiki," saure Ndemin lirih.
"Jare sopo? Kok pede kon?"
"Lha iku lek nyocot sampeyan lak podo koyok aku. Opo maneh lek mecucu."
"Ndasmu iku!"
Masio emake ketok mangkel Ndemin gak wedi, dirangkuli trus diambungi wong wedok iku.
"Aku sayang mak'e karo pak'e."