"Hooh," saure Ndemin karo manthuk-manthuk.
"Yo kon iku tak temu nang kono."
"Sun Go Kong be'e metu soko watu! Mak, aku iki temenan."
"Aku yo temanan. Arek kok onok-onok ae."
Mangkel karo jawabane emake, Ndemin nangis maneh. Lek mau nangis mergo seneng, saiki nangis mergo mangkel. Om Bambang, tonggone anyar, sing sik rong sasi manggon nang kampunge garai Ndemin duwe pikiran lek de'e guduk anake emak karo bapake. Jare Om Bambang, Ndemin gak cocok dadi anak emak karo bapake. Rupone Ndemin terlalu bagus. Kulite resik gak koyok wong tuwone. Gak mung iku Om Bambang sing jare kerjo dadi dosen iku seneng nukok-nukokno Ndemin jajan. Kadang Ndemin dijak mlaku-mlaku nang Kebon Binatang utowo mall.
Lagi seru-serune lek nangis bapake Ndemin teko. Wong lanang umur patang puluh taun iku ketok kesel. Raine njrungut, kepanasen.
"Opo-opoan iki, yah mene kok tangis-tangisan? Lagian wes joko nangis koyok arek TK, ngisin-ngisini ae."
"Mbuh iku anakmu, onok-onok ae polahe saiki."
"Lha mosok jare emak aku metu soko boto," saure Ndemin karo sik nangis.
"Yo goro-goro kon dewe. Lha mosok lho pak, jare awake dewe iki guduk wong tuone. Opo gak kurang ajar ngunu iku?"
"Heh? Jare sopo aku karo makmu guduk wong tuwomu?"