Ndemin meneng. Luhe diusapi karo tangane. Arek lanang iku ngadek trus mlaku nang kursi. Bapake melu-melu lungguh nang sandinge.
"Saiki delok ae, pak, kenyataane. Rambute sampeyan karo emak lurus, aku kriting. Kok iso lho?"
"Makmu biyen iku yo kriting, Min, saking ae rebonding makane ketok lurus," saure pak'e.
Ndeming meneng.
"Kulitku, hayo? Sampeyan karo emak ireng, kok iso aku resik, kuning ngene?" takoke Ndemin, durung trimo.
"Aku ki asline yo putih, saking ae mben dino macul, kepanasen makane maleh gosong ngene ki. Kon ojok kurang ajar."
"Oke, iku mau fisik. Saiki sifate awake dewe. Gak onok sifate bapak karo emak sing nurun nang aku blas. Endi jal sing podo?"
Emake Ndemin ambegan jeru. Rasane kudu dicetot pupune anake lanang iku lek gak eling arek iku wes gede. Gemes.
"Ki sakjane maksude opo?" takone pak'e.
"Tak kandani sampeyan pak, anakmu sing bagus dewe, ganteng dewe lek dijejerno karo boto iki rumongso gak pantes dadi anake awake dewe. De'e iku ngroso lek Bambang iku bapake, guduk sampeyan," saure emak.
"Opo? Lha kapan kon selingkuh karo Bambang?"