"Brarti ancen bener opo sing tak pikirno slama iki. Aku guduk anakmu karo pak'e. Alhamdulillah brarti sing diomongno Om Bambang bener," omonge Ndemin lirih, koyok omong karo awake dewe.
Emak sing lagi konsen njait masio samar iso nangkep suarane Ndemin.
"Heh? Omong opo kon iku?"
Ndemin nyedeki emake.
"Mak, saiki sampeyan jujur ae. Gak usah ngroso bersalah opo wedi. Bener gak lek aku iki ancen guduk anakmu asli? Bener gak lek aku iki mung anak pungut? Sopo sakjane wong tuoku mak?"
Emake Ndemin ndekekno kain sing lagi dijait. Motone nyawang nang Ndemin sing ketok kate nangis.
"Iyo, kon ancen guduk anakku karo pakmu," saure emak.
Gak percoyo opo sing dirungokno, Ndemin langsung nyeblok, sujud syukur. Luhe netes soko pipine. Sikile emake diambungi. Arek lanang sing sik kaet mlebu STM iku ketok seneng.
"Kon guduk anakku. Aku gak duwe anak koyok kon. Kon iku asline netes soko boto."
"Heh?" Ndemin mlongo.
"Kon ngerti boto nang sebelahe omahe Mbahmu?"