Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Humor

Paimo Paimin Edisi Carlos Bersaksi

28 Maret 2011   02:42 Diperbarui: 26 Juni 2015   07:22 241
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Humor. Sumber ilustrasi: PEXELS/Gratisography

*cerito sak durunge

Maman karo Carolina akhire digowo nang Balai Dukuh. Nang kono Maman dilungguhno nang tengah-tengah balai, lha Carolina, nglesot nang sandinge Maman. Arek karo wedhus iku mung iso pasrah. Gak mergo wedi karo wong-wong Dukuh Penceng sing koyok kesetanen tapi mergo gak ngerti opo sing sakjane diributno. Lagian Maman karo Carolina yo durung satus persen sadar, sik ngliyeng. Wong-wong sik rame bengak-bengok. Pak Dukuh ketok lagi bisik-bisik karo Tetuo Dukuh. Rianti, ndelok raine Maman sing ketok melas, melu trenyuh, mesakno. Mak'e Maman dilungguhno nang sanding de'e karo dikipasi mergo durung sepiro'o sadar. Gak suwe Pak Dukuh akhire ngomong.

Pak Dukuh                  : Iki mau kedadean sak temene yok opo? Sopo sing ngerti?

Wong-wong                : Maman jina! Maman ngunu-ngunuan karo wedhuse! (kabeh melu mbengok, gak jelas)

Pak Dukuh                  : Meneng kabeh! Siji ae sing ngomong. Sopo sing ndelok kedadeane?

Wong-wong                : (tolah-toleh karo bisik-bisik)

Pak Dukuh                  : Sopo sing ndelok dewe lek Maman karo Carolina uthuk-uthuk?

Paimo                          : Ayo boi, ngomongo. Lek gak ngko gagal rencanane kene (bisik-bisik)

Paimin                         : Lapo kok kudu aku? Kon dewe lapo? (bisik-bisik sisan)

Paimo                          : Aku wes ngramu jamune, saiki bagianmu. Lagian aku gak pinter ngomong, ciloko ngko lek malah konangan (sik bisik-bisik)

Pak Dukuh                  : Kok meneng kabeh? Trus sopo iki mau sing ngomong lek Maman jina. Lek gak onok saksi gak iso diterusno ik..

Paimin                         : Aku Pak Dukuh (ngangkat tangan loro-lorone). Aku sing ndelok Maman karo Carolina...aku karo Paimo.

Pak Dukuh                  : Kon, arek loro, maju mrene. Liyane lungguh kabeh, anteng.

Masio asline wedi, ndredek, Paimo karo Paimin gelem maju. Wong-wong sing mau podo ngadek saiki lungguh, ngubengi balai. Kabeh meneng, pingin ngerti kedadeane yok opo.

Pak Dukuh                  : Saiki critakno opo sing tok delok mau.

Paimin                         : Anu...aku karo Paimo niate kate nang omahe Maman, ngajak blajar kelompok. Pas tak bengoki areke gak nyauri trus aku karo Paimo langsung mlaku nang mburi. Biasa lak Maman senengane dolenan karo Carolina. Lha, pas nang mburi iku aku krungu suoro sing yok opo ngunu.

Paimo                          : Hooh. Suorone ko kandange Carolina. Akhire kene nyedeki polahe pingin ngerti suoro opo iku. Tibake kene ndelok Maman karo wedhuse lagi ngunu kui...

Pak Dukuh                  : Lagi ngunu kui opo wes mari? Kon ndeloke Maman karo Carolina lagi ngunu opo mung turu-turu?

Paimin                         : Ehm...anu...pas krungu suoro aneh iku kene mlakune alon-alon, wedi. Pas wes cedek, ketok Maman karo Carolina gak klamben.

Paimo                          : Hooh (mantuk-mantuk)

Pak Dukuh                  : (nyawang nang poro Tetuo Dukuh, kedip-kedip trus muahh, nguncalno ambung à kode lek sepakat, halah njijiki) Onok ga liyane sing ndelok kedadean mau?

Wong-wong                : (tolah-toleh, bisik-bisik trus gedek-gedek. red: lagi mendem be'e)

Pak Dukuh                  : Kon gak mbujuki? Wani sumpah, Mo...Min?

Paimin                         : Wani Pak Dukuh. Sumpah disamber rondo ayu lek aku sampek mbujuki.

Pak Dukuh                  : Ndasmu! Lek iku aku yo gelem. Mo?

Paimo                          : Ehm...sumpah opo Pak Dukuh? Aku gak mbujuk. Ancen kedadeane ngunu kok (selot ndredek)

Pak Dukuh                  : Mergo gak onok saksi maneh, mung kon-kon iki, aku ga iso ngukum Maman karo Carolina. Kecuali....kon, wong loro, wani sumpah.

Paimo Paimin              : (lirik-lirikan)

Paimin                         : Sumpah yok opo Pak Dukuh? Aku karo Paimo kan wes crito opo sing kene delok nang kandange Maman. Opo maneh sing kurang?

Pak Dukuh                  : Yo, bener kon wes crito tapi jelas aku gak iso ngunu ae percoyo. Wong gawe kesaksian iku kudu disumpah cek gak wani mbujuki. Yok opo, wani gak?

Paimin                         : Sumpah opo disik?

Pak Dukuh                  : Kon, Paimo Paimin, madep nang wong-wong sing onok nang balai iki. Aku bakal macakno sumpah sing kudu tok baleni, banter-banter.

Paimo  Paimin             : (krembuk-krembuk nglurusno barisan trus madep nang wong-wong)

Pak Dukuh                  : Aku, Paimo Paimin, wani sumpah lek ndelok karo motoku dewe pas Maman karo Carolina uthuk-uthuk. Lek sampek mbujuki aku wani mati joko.

Paimo                          : Heh?

Paimin                         : Gak iso ngunu Pak Dukuh, pacaran ae durung duwe wes kon mati joko.

Pak Dukuh                  : Sing ngongkon kon mati sopo? Lek kon gak mbujuk yo gak bakalan mati joko. Ayo, ndang dibaleni.

Paimin                         : Gak iso ngunu Pak Dukuh, yok opo ngko nasibe emak karo bapakku. Iso ae masio aku gak mbujuk tapi sumpahe kedadean temenan. Lak soro a aku ngko. Opo sampeyan gelem tanggung jawab lek sampek aku mati joko?

Paimo                          : Hooh (melu-melu, maneh)

Pak Dukuh sing bingung akhire nyedeki Tetuo Dukuh, rapat. Wong-wong sing mau anteng maleh rame bisik-bisik. Maman sik meneng ae, klenger. Carolina sing biasa mangan suket luweh sadar ketimbang Maman (red: lek kon pingin gak gampang mendem mangan ae suket ben dino). Wedhus wedok iku mulai ngerti opo sing diributno wong-wong. Masio gak yakin Maman tego karo de'e tapi lek ngeling-elingi kedadean nang pinggir kali biyen iso ae opo sing diomongno Paimo Paimin ancen temenan. Akhire wedhus wedok iku mung iso mbrebes. Moro-moro wong-wong sing mulai gak sabar bengok-bengok maneh.

Wong1 (dudu wong edan, kon la'an sing edan) : Maman kudu ngrabi Carolina!

Wong-wong ( dudu wong-wongan sawah)         : Iyo, Maman kudu tanggung jawab! Maman karo Carolina kudu dirabekno!

Balai Dukuh akhire mbalik rame maneh. Paimo Paimin sing ngroso rencanane berhasil langsung mesam-mesem, seneng. Mak'e Maman sing krungu lek anake kate dirabekno karo Carolina semaput maneh. Rianti, mbuh opo'o, moro-moro ngroso onok sing ga enak nang atine. Guru ayu iku nglirik Maman sediluk trus ndingkluk. Nang njero atine kroso koyok disuduki peso, jlub...jlub. Pak Dukuh sing krungu wargae podo rame bengak-bengok maneh, nenangno tapi wong-wong iku wes gak onok sing peduli, tetep bengok-bengok. Moro-moro....

Mbekkkk! Mbekkk!

Lagi rame-ramene moro-moro muncul wedhus berok gede sing langsung nrobos maju nang tengah-tengah balai.  Wedhus lanang iku langsung nyopot kocomotoe (halah). Wong-wong sing mau bengak-bengok langsung meneng. Pak Dukuh sing bingung nenangno wargane tambah bingung.

Paimin             : Carlos? Lapo kon mrene?

Carlos              : Mbekk! Mbekk! (artine: aku kate bersaksi nggo Maman karo Carolina)

Paimin             : (wedi lek rencanane dibongkar Carlos, langsung wedhus lanange iku digurak ngadoh) Muleh kono! Ojo clintisan ae yah mene. Digoleki emak kon ngko.

Carlos              : Mbekk! Mbekk! (artine: Emoh! Aku kate ngomong nang Pak Dukuh lek kon mbujuk)

Wong-wong    : (bisik-bisik maneh. gak ngerti opo sing diomongno karo Carlos)

Pak Dukuh      : Lapo iku wedhusmu melu rene? Kate dadi saksi pisan ta?

Paimin             : Carlos gak ngerti opo-opo, Pak Dukuh. Paling kangen karo aku

Carlos              : Mbekk! Mbekk! Mbekkk! (artine: Ancik! Sopo sing kangen karo kon? Gak sudi! Pak Dukuh, Paimo Paimin mbujuki, Maman karo Carolina gak salah)

Pak Dukuh sing yo guduk wong sembarangan, ndelok raine Carlos ngroso lek onok sing gak beres.

Pak Dukuh      : Ngomongo sing genah, cek aku ngerti (red: woo, edan sisan Pak Dukuh iki. Yok opo carane wedhus kon ngomong genah)

Carlos              : Mbekk! Mbekkk! Mbekk! (artine: Maman karo Carolina dipitnah. Iki kabeh gaweane Paimo Paimin)

Pak Dukuh      : (mantuk-mantuk, masio asline ga ngerti)

Paimo              : Ngomong opo Carlos iki? (takok nang Paimin, lirih lek omong).

Paimin             : Njaluk disate wedhus sithok iki. Wani-wanine kate nglaporno kene (bisik-bisik)

Carolina           : Mbek! Mbek! (artine: suwun Los, akhire aku ngerti kedadeane. Aku eling)

Carolina akhire sadar kedadean sing saktemene. Maman sing sik koyok wong sakau ditapuki pipine, diidoni cek ndang sadar. Begitu areke sadar Carolina langsung cerito. Maman sing mari diidoni Carolina alon-alon mulai eling. Akhire de'e ngadek, crito nang wong-wong kedadeane yok opo. Berhubung podo gak duwe saksi, Maman karo Carolina, Paimo karo Paimin, akhire gak onok sing diukum. Carlos gak diitung polahe durung onok nang Kitab Undang-Undang Perdukuhan lek wedhus iso dadi saksi, masio ta asline wedhus luweh jujur ketimbang menungso.

***

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humor Selengkapnya
Lihat Humor Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun