Diman meneng mung sakbrebet matane nyawang klambine Wiji.
"Klambi? Lapo klambiku? Macak ayu gak oleh? Keketaten? Opo kecringkrangen? Sesuk-sesuk aku dasteran ae lek metu karo sampeyan. Gak wedakan, gak usah sisiran. Bahno koyok wong edan," Wiji mulai ngomel.
"Wong wedok seneng macak yo lumrah. Ngene rodok seksi yo ngge sopo? Wong yo klamben, ora udo, sik pantes disawang uwong. Meneng diomong nesu. Mesam-mesem jare genit. Karepe sampeyan opo?"
Diman sik meneng.
"Aku tau nglarang sampeyan? Gak blas. Wes podho gedene jaremu, wes ngerti opo sing apik opo sing elek. Aku bareng koncoku mulih mbok nesoni. Sampeyan nggandeng cewek aku meneng ae. Ngunu iku yok opo perasaanmu?"
Wiji selot mbedodok. Kudu nangis ning diempet. Diman sik meneng.
"Isin, karo aku sing koyok ngene iki isin?"
"Yo wes."
"Opo sing yo wes?" takone Wiji.
"Mulih."
Pingine ngunu dicakot arek lanang nang ngarepe iku. Dicakoti sampek elek, sampek lego atine ning yo mung diempet karo Wiji. Diman sing mlaku mulih dijarno ae. Sesuke pirang-pirang dina Wiji ora ketemu Diman. Nang pabrik, nang kos atine Wiji ora tenang ning arek wedok iku meneng ae. Diman dhewe mbuh nang ndi ora tau ketok lan ngetok. Biasane ngunu yo ngko mecungul-mecungul dhewe ning iki beda.