"Aku ki kesel."
"Ho oh, gek turu maneh kono."
Masio mangkel akhire Wiji budal turu maneh. Diman langsung mlungker sanding anake trus numpak kapal laut, ngipi.
Sore mari mangan Diman siap-siap. Wong lanang iku wis adus. Sarunge sing biasa ngge turu disampirno pundake.
"Kate nang ndi maneh? Jare wis mari," takone Wiji.
"Anu...aku lali. Wayahe rondo iki mau," omonge Diman mbujuk.
Wiji menteleng.
"Pisan iki ae, Mak. Mosok gak rondo, lak gak enak karo wong-wong," omonge Diman kalem.
Wiji mlengos trus mlebu kamar. Diman mesem trus budal nang poskamling. Ora rondo ning nontok bal.
"Mak...Mak."
Mari nontok bal, Diman mulih. Biasane nyeluki bojone pisan pindo wis dibukakno lawange. Iki wis bolak-balik ora ono suwara saka njero.