"Ojo diambungi ae, tangi ngko."
"Sithik thok."
Kedadean Tomin tibo saka kasur wis pirang dina. Irunge karo lambene wis kaya biasa maneh. Ning selot umur selot akeh maneh tingkahe Tomin. Jelas Wiji selot repot. Diman sing kerjo isuk sampek sore, masio cedek, kadang wis kekeselen lek kon ngemong anake. Mulih kerjo, adus, mangan trus turu.
Lek kon ngemong anake jare kesel, ning lek nongkrong sik seneng. Opo maneh lagi musim bal. Ndilalah tipi nang omah lagi rusak, mari kesamber bledeg antene.
"Kate nang ndi?" takone Wiji nang bojone.
"Sediluk ae," omonge Diman.
"Aku wis ngantuk, ojo bengi-bengi."
"Gak...gak. Iku mumpung anake wis turu, tak metu sediluk."
Jenenge wong lanang lek ono bal kaya ndelok wong ayu. Opo maneh rame-rame nang poskamling, ngemil karo ngopi. Lek trus mulih dewe, ora gugah-gugah yo ora masalah. Wis mulihe bengi, ngugahi kon mbukakno lawang iku sing akhire dadi perkoro. Kaya bengi iki. Wiji ngomel-ngomel mergo wis enak-enak turu kudu tangi mbukakno lawang. Kaet isuk wis kesel ngurus omah karo anake, bengi wayahe turu malah ditangekno.
"Sesuk lek ngene maneh gak tak bukakno lawang," omonge Wiji.
"Gak...gak. Sesuk wis mari kok bal'e."