Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Turu Njaba

16 Juni 2014   19:19 Diperbarui: 20 Juni 2015   03:30 261
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Wiji mlaku nang mburi, nerusno lek umbah-umbah karo mesisan adus. Nang kamar, Diman sing ngeloni anake wis bablas tekan Kebraon, turu. Tomin sing masio wis adus, mangan, durung ketok ngantuk. Ndelok bapake merem arek cilik iku mlorot saka kasur, pingin mudun.

"Huaaaaa.....!!!"

Wiji sing mari adus kaget krungu suwarane anake nangis. Sik bebetan anduk, wong wedok iku mlayu mlebu kamar. Nang kamar Tomin nangis banter. Arek cilik iku kejlungup pas kate mudun saka kasur.

"Pak! Kon njaga anake malah ditinggal turu, delok iku anakmu njlungup," bengoke Wiji karo nggendong anake.

Diman sing krungu rame-rame tangi. Wong lanang sing kekeselen mulih kerjo iku ketip-ketip matane.

"Lha iku mau tak keloni kok."

"Ngeloni kok ditinggal turu. Iku areke mudun dewe gak eruh."

Diman ngadeg. Didelok raine anake sing sik nangis. Irunge abang, lambene rada nyonyor.

"Ditinggal sediluk ae..."

"Iyo...iyo, wong ngantuk yok opo maneh."

Wiji sik mecucu. Tomin rada meneng dimimiki emake. Ora suwi arek lanang iku turu. Pas turu Diman nyawangi anake. Irunge anake bores, lambene nyonyor. Diambungi anake iku mergo rumangsa salah.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun