"Sesuk. Saiki wis mangan, gek turu," omonge Wiji nang anake.
Sesuke Diman budal kerjo kaya biasa. Wiji yo kaya biasa umek karo penggaweane ngurus omah. Tomin sing durung sekolah dolanan karo kancane.
Duarrr!
Krungu suwara banter nang mburi omah Wiji kaget. Wong wedok sing lagek umbah-umbah iku langsung metu saka jeding karo nyincing dastere. Tomin karo kancane ngguyu-ngguyu.
"Tomin anake Diman! Wouhhh, arek iki..."
Ndelok emake Tomin menteleng-menteleng kancan-kancane Tomin langsung mlayu mulih. Tomin meneng karo mecucu ditinggal kancane.
"Lha kok iwake pakmu mbok bom koyok ngunu? Lak mati kabeh iku ngko."
"Kalo pak'e oleh kok, ngge lawuh."
"Njupuk siji, arek bagus, atek serok kae. Guduk diuncali mercon koyok ngene!"
Wiji sik ngomel-ngomel. Diomeli emake terus wedi lek bakal diseneni bapake, Tomin nangis. Wiji nyawang kolam iwak. Mbuh pirang iwak sing kampul-kampul mati. Anake  sing nangis digendong terus diadusi. Mari adus, Tomin didulang terus merem, turu. Wiji ngresiki iwak-iwak sing mati karo gemes ngrasakno polahe anake.
Mulih kerjo Diman ndelok kolame. Mari diceritani bojone, Diman nyedeki anake. Awale Tomin ora gelem, wedi, ning ndelok bapake ora nesu akhire arek lanang iku gelem melu bapake.