Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Nesu

23 Agustus 2014   16:21 Diperbarui: 18 Juni 2015   02:46 153
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Wardi sing mau mung ngrungokno akhire melu ngomong.

"Yo lek nontok rupo ancen kalah Wiji kae. Bu Widodo kae ayu, putih, gawane yo lembut tapi lek diematno maneh jelas sik enak bojomu..."

Krungu omongane Wardi, Diman langsung menteleng. Sadar lek salah omong, Wardi langsung ngelek idu.

"Nganu, maksudku ki Bu Widodo kae lak gak seger blas. Yo maklum wong sugih, kakean macak kurang gerak. Bedo karo bojomu. Eh, pokoke ngunu lah, koen ngerti dewe," omonge karo ngukuri gundul.

Diman meneng. Wong lanang iku ngentekno kopine, mbayar trus ngalih. Ndelok iku Wardi rumangsa ora enak atine.

"Yo koen, lapo ngowo-ngowo enak barang. Emange koen tau ngrasakno bojone," omonge Cak Jo.

"Yo gurung, tapi disawang ae lak yo ngerti," omonge karo cengengesan.

Nang omah, sorene, Diman sing biasane ora kakean omong selot meneng. Anake sing durung adus ketok dolanan montor-montoran nang ngarep omah. Montor-montoran lek nukokno Pak Widodo. Nang kamar bojone lagi ngguya-ngguyu njajali klambi anyar.

"Apik gak, Pak?" takone Wiji nang Diman sing mlebu kamar.

Diman mung nyawang thok.

"Lapo? Dikei iki, gak tuku dewe," omonge Wiji.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun