Nang kampunge Diman lagek ketekan warga anyar. Jenenge Pak Widodo. Wong lanang umur patang puluhan iku pegawai pindahan sing saiki oleh tugas nang kelurahan. Pak Widodo sing pindah karo bojone manggon nang mes kelurahan sing suwi ora digawe. Dingge ngurus omah, Bu Widodo golek uwong ngge ngewangi ning durung nemu. Akhire sementara mergo mesakno, Wiji sing budal. Isuk mari ngurus omah, wong wedok iku budal masak, resik-resik, nyuci nang omahe Pak Widodo.
Pak Widodo karo Bu Widodo wis limolas taun omah-omah ning durung duwe anak. Ngerti Tomin sing nyempluk lucu, Pak Widodo seneng. Sabtu Minggu pas dheweke libur, arek cilik iku dijak dolanan, kadang ditukokno jajan karo dolanan. Wiji sakjane ora seneng, wedi lek anake tuman ning ndelok Pak Widodo sing ketok sayang nang anake dheweke ora tega. Wiji mbayangno lek dheweke nang posisine Pak Widodo, mesti abot.
Jenenge nang kampung, ono wong anyar mesti akhire dadi omongan. Krungu kabar jare Bu Widodo ora iso nduwe anak mergo biyen enome diet. Ono sing omong, Bu Widodo ora seneng arek. Wedi lek awake rusak pas meteng karo mari nglairno. Embuh saka endi olehe cerita ning kabar iku wis akeh dadi omongan.
"Yo ancen ayu sih, awake apik. Tapi suk lek tuwek kate melu sopo? Bondone dingge sopo?"
"Sugih kok manggon nang mes. Lapo gak tuku omah?"
"Mung sementara jare, gurung karuan suwi nang kene. Ngunu iku kok nggak rabi maneh yo Pak Wid kae. Wonge lho ngganteng, priyayi maneh, mesti akeh sing gelem, sik enom yoan."
"Gak wani karo bojone. Bu Wid kae jare galak. Ketoke ae meneng tapi lek nesu medeni."
Lek wis kumpul ibu-ibu nang kampung omongane selot teka ngendi-endi. Kabar sing maune mung jarene suwi-suwi diamini, dipercoyo. Ora mung nang wong wedok, jebul nang wong lanang-lanang kabar-kabar iku yo wis rame. Diman sing ora tau ngurus awan iki oleh omongan saka Cak Jo, tangga sing mbukak warung cedek nggone kerjo.
"Jare bojomu kerjo nang omahe Pak Wid yo, Man?"
"Mung ngewangi ngresiki omah."
"Yo apik sih, tapi ojo suwi-suwi."