Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Bayek Lanang

1 September 2014   15:08 Diperbarui: 18 Juni 2015   01:55 185
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Sing jenenge Diman iku lek umpama paribasan Otot Kawat Balung Wesi. Sakjoke kenal Diman, Wiji durung tau eruh Diman lara utawa sambat lara. Boto njaba njero. Ning jenenge menungsa mesti ono pengapesane. Pengapesane Diman teka mergo kekeselen lek kerjo. Masio mangan ora tau telat, turu yo penak jenenge hawa ora iso dilawan. Wong lanang iku akhire ambruk, gering.

Lek biasane isuk tangi dhewe, dina iki Diman ora tangi-tangi. Jelas bojone sing ayu dhewe kae langsung bingung. Diceluki ora semaur, mbareng diparani nang kamar sik mlungker. Wiji masio kaya garangan ning ora goblog. Bojone sing biasane sregep jelas ono opo-opone lek yahmene sik mlungker.

"Budal dhewe ya?" omonge nang anake sing mari didulang.

"Emoh, diterno Pak'e."

"Pak'e sik turu kae."

"Digugah no, wes awan."

"Pak'e kesel. Budal dhewe ngko sangune tak tambahi, ya?"

Tomin cilik krungu sangune ditambahi jelas seneng. Mari nampani langsung arek TK iku langsung budal. Sekolahe yo ora adoh, ora perlu nyebrang embong dadi aman. Mari anake budal Wiji nerusno pengaweane. Jam sepuluh bojone durung ngalih saka kamar.

"Pak...maem sik," omonge nang bojone.

"Emoh," saure Diman sing wes melek.

"Lha sampeyan lapo, nggak enak ta awake?"

"Gak, aras-arasen."

"Sarapan sik kono, wes mateng segone."

"Emoh," saure Diman karo turu.

Wiji gedheg-gedheg. Durung tau eruh bojone kaya ngene. Bathuke didemok, rada anget.

"Susu arep?"

"Susu opo?"

"Susu milk."

"Susune Tomin?"

"Guduk, ngge wong tuwek. Tak tukokno ngko, opo susu sapi?"

"Emoh."

Nganti awan Diman milih turu. Wetenge durung kelebon panganan. Awak lek lara lambe dadi pait. Akhire Wiji sing mbingungi. Anake dijarno dolanan nang omahe mbahe.

"Siben banyu anget gelem, Pak? Cek enak awake."

"Gah."

"Dilap thok ae, cek enak. Ngko gek ganti klambi terus maem. Opo maem sik? Kaet isuk durung kelebon sego ngunu."

"Emoh."

Wiji ambegan dawa. Tomin sing wis mulih ndang diadusi, dikon mangan terus dolanan dewe.

"Pak, nang dokter ta?"

"Emoh."

"Gak gelem maem, nang dokter gak gelem. Terus yok opo? Iko lho tak tukokno sate kambing. Maem sik ya," Wiji terus ngrayu bojone.

Diman sik mlungker. Krungu sate dheweke rada tertarik ning aras-arasen.

"Dulang ta?"

Diman gedheg.

"Lek gak mangan ngko gak mari-mari, Pak. Sithik ae gak popo penting kelebon. Tak jupukno ya?"

Ora ngenteni jawabane bojone, Wiji langsung metu njupuk sego. Muni aras-arasen ning asline yo luwe, sego sak piring akhire entek. Mari mangan Diman langsung kringeten.

"Dilap yo, Pak, gek ganti klambine iku."

"Ganti thok ae."

"Yo raup-raup sithik kono, ganti kabeh sak njeroane."

Wis mari mangan, Diman akhire gelem ngalih saka kasur. Mari raup, ganti klambi, wong lanang iku turu maneh. Tomin cilik wis merem nang kamare.

"Diombe sik, Pak, sik anget."

"Opo iki?"

"Wedang jahe."

Diman nontoki gelas sing dicekel bojone terus diombe sithik isine.

"Masuk angin paling sampeyan, Pak, tapi telat dadi gak enak awakmu. Sesuk-sesuk lek awake gak enak ki ojo diempet."

Mari ngomong Wiji ngadeg kate ngalih.

"Keloni."

"Sik, tak korahe piring karo gelase."

"Jarno kono ae, sesuk lak kenek."

Wiji nelehno gelas wedang jahe nang duwur mejo.

"Dikeroki ta? Cek metu angine."

"Emoh. Kene, turu ae."

Nyawang Diman kaya ngene iki, Wiji eling anake. Wong lanang sing biasa ora akeh omong karo polah iku tibake iso ngalem.

"Limang ewu," omonge Wiji karo mapan nang sandinge bojone.

"Apane?" takone Diman.

"Kok apane? Yo upahe ngeloni."

Diman nyebek.

"Kecil, njaluk pitung ewu mangatus ae tak kek i kok."

Wiji mesem. Nang njaba langit selot peteng.

***

Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun