"Lapo maneh?" takone Wiji.
"Adik iki lho, Mak. Mosok sikilku diuyuhi."
"Yo adike gurung ngerti, diwarahi sing apik. Gek ndang metu, ojo kesuwen nang jeding ngko kademen."
Mari adus, arek loro iku njaluk mangan. Doni sing durung iso mangan dhewe didulang Wiji karo dipangku. Tomin sing dicekel bapake maune meneng ae, ning ndelok Wiji karo Doni ngguya-ngguyu langsung mlayu, njaluk dipangku emake sisan. Akhire Wiji mangku arek loro karo ndulang.
"Iki ka'ane mas!" jare Tomin karo nyampluk tangane Doni sing nyekel dadane emake.
Disampluk karo dibengoki mas'e, Doni langsung nangis. Ndelok adike nangis, Tomin melu nangis sisan. Akhire arek loro iku banter-banteran lek nangis karo ngandoli Wiji, rayahan.
"Lah, malah banter-banteran. Suwek iki ngko dasterku, ojo ditariki," omonge Wiji.
"Iki makku!" bengoke Tomin.
"Atu. Mas akang!" bengoke Doni.
"Pak, ki jak'en salah siji. Dedel duwel aku ngko," bengoke Wiji.
Diman sing mari adus langsung nyedeki bojone. Wong lanang iku bingung endi sik dijak, loro-lorone ora gelem.