Adik sepupune Diman sing jenenge Dewi lagek lara, mlebu rumah sakit. Anake sing sik umur telu setengah taun, Doni, kepekso dititipno nang Diman karo bojone. Tomin sing biasane dadi raja nang omah, ketekan Doni, mulane seneng ning suwi-suwi rumangsa ono saingan. Dolanane sing biasane digawe dhewe dijupuki karo Doni, dingge. Sakjane ngunu pingine Tomin adike iku ora oleh nyilih ning karo emake diomongi lek kudu sayang adik. Akhire Tomin mecucu ae. Ben adike mari dolanan, langsung dolanane dilebokno kamar, wedi lek dipek. Doni sing durung dong pancet ae njupuki.
"Ojo dibanting lho, dek, rusak ngko," omonge Tomin.
"Gak, atu nanan-nanan thok."
"Ojo dipek lho, iki ka'ane mas."
"Ola, nyilih atu."
Wiji sing nunggoni anak lan ponakane dolanan mung nyawang saka adohan karo setrika. Kesel dolanan montor-montorane mas'e, Doni ganti njupuk tas sekolahe Tomin. Tomin sing lagek pipis nang jeding ora ngerti lek bukune ditokno kabeh, dicoreti.
"Ojo dicoreti bukuku, seneni Bu Guru mas ngko! Mak, delok iku adek, bukuku dicoreti kabeh!"
Wiji sing krungu anake bengak-bengok langsung nyedeki anak karo ponakane iku. Tomin ngrayah bukune sing lagek dicekel Doni. Petelot, buku, kabeh perkakas sekolahe dilebokno tas karo mecucu. Doni membik-membik kate nangis ning langsung dicandak Wiji. Arek cilik iku dijak nang mburi, njupuk jajan. Awan pas Diman mulih, Doni dijak dolanan. Tomin sing nesu karo adike iku njaluk dikeloni emake.
"Mas, yo nanan," omonge Doni sing moro-moro mlebu nang kamare Wiji.
Krungu diceluk adike, Tomin sing sik lara ati meneng ae.Arek iku ngenakno lek njaluk empeng emake.
"Dijak adike dolenan iku lho. Wes ya, mak'e gurung mari lek resik-resik."