Wiji ambegan dawa. Lambene maju, mecucu.
"Gak ngerti opo'o, aku males nontok sampeyan," omonge.
"Heh? Bosen ngunu ta?"
"Embuh," omonge Wiji karo ngalih.
Ndase Diman selot ngelu. Akhire wong lanang iku milih turu, ora nyandak uteke mikir tingkahe bojone. Isuk pas tangi, Wiji wis ayu maneh. Saiki gawe klambi abang. Wong wedok iku siap-siap ngeterno anake sekolah. Ndelok seger-seger isuk-isuk, Diman kate nggudo bojone. Sik kate dicekel, Wiji sing ngerti dhisikan langsung endo terus kate mlayu ngalih.
"Kate mlayu nang ndi saiki?" omonge Diman karo ngadangi lawang kamar.
"Pak, minggir!" bengoke Wiji.
"Emoh. Bah koen seneng lanangan liyo, aku gak ngurus. Gak iso ngalih koen saiki."
Tangane Diman ndepaplang nutupi lawang. Raine Wiji abang ireng, wong wedok iku bingung kate metu.
"Lek sampeyan gak gelem minggir..."
"Lapo? Kate mbok apakno?" tantange Diman.