"Gek budal kono lek wes maem."
Pingine Diman nang omah ae, ning bojone didelok yo waras. Wong lanang iku bingung golek alasan ora kerjo. Ora ganti klambi, Wiji gletakan nang ngarep tipi.
"Aku budal," pamite Diman.
Nang nggon kerjo Diman sik durung tenang. Wiji wis biasa polahe aneh, ono ae ben dina ning saiki rasane beda. Macak ayu ning ora gelem dicedeki lek ora mergo nesu cemburu yo mesti mergo ono lanangan liya, pikire Diman. Cemburu, sopo sing dicemburoni, Diman ora rumangsa dolanan karo wedok liya. Sing keloro iki sing Diman durung ngerti.
Nang omah Wiji ora gelem nyawang bojone. Ben Diman nyedeki, wong wedok iku ngalih, masio ta ora ngomong opo-opo. Sing garai Diman selot curiga, Wiji malih seneng macak.
"Koen lapo?" takone Diman, ora betah ngempet pikirane.
"Apane sing lapo?"
"Meneng ae, dicedeki ngalih. Aku salah opo?"
Wiji meneng. Wong wedok sing mari mangan iku ngangkat piringe, digawa nang pawon.
"Ojo ngalih lek dijak omong."
"Ko kene yo krungu," saure Wiji.