Diman ngukuri gundule. Kate ngomong bingung opo sing diomongno, dheweke yo ora duwe bukti umpamane nuduh bojone lapo-lapo karo lanangan liya.
"Kok saiki seneng macak?"
"Yo cek ayu."
Bener. Ora mergo macak ning Wiji ancen ketok luwih ayu. Diman yo seneng ndelok bojone saiki ning tetep atine ora tenang. Nang kerjoan rasane kudu mulih ae lek eling bojone. Opo maneh wis pirang-pirang dina Wiji sik durung gelem dicedeki. Lek Diman mlebu kamar, wong wedok iku milih turu nang kamare Tomin.
"Koen macak ayu tapi gak gelem dicedeki. Ngene ki lak nggarai ngelu ndasku," omonge Diman.
Ora biasane lek Diman ngomong rada akeh, ning situasine beda. Dienten-enteni bojone yo sik ae macak boto. Wiji sing siap-siap kate ngalih akhire meneng ae.
"Njaluk opo?"
Wiji sik meneng.
"Lha lek meneng ae terus koyok ngene aku opo ngerti karepmu? Wis gak seneng maneh karo aku?"
"Aku yo gak ngerti."
"Gak ngerti yok opo? Lek ancen wis gak seneng ngomong, jaremu ojo kebatinan."