Deg. Rasane jantunge Diman kate lugur krungu omongane bojone. Salah opo aku, takone Diman nang njero ati. Timbang gembrah bengi-bengi, Diman akhire turu nang ngarep tipi. Masio ta ora rumangsa nyalahi, ning lek bojone nganti meneng kaya ngene iki mesti ono sebabe. Cek tenang dhisik pikirane, batine Diman. Sapa ngerti mung kesambet, sesuk mari dhewe.
"Kate nang ndi?"
Diman kaget ndelok bojone wis ayu isuk-isuk. Wong lanang sing kaet melek iku bingung. Disawang Wiji sing macak ora kaya biasane. Lambene ketok abang, bengesan. Rok kembang-kembang abang, duwurane putih tulang.
"Ngeterno Tomin sekolah."
Matane Diman langsung amba. Ora biasane bojone ngeterno anake sekolah.
"Tak terno, sik tak adus."
"Gak usah."
"Gak popo, sediluk thok. Gak-gak lek Tomin telat," omonge Diman karo mlayu nang jeding.
Mari adus, Diman mbingungi nggoleki anak bojone. Tibake sing digoleki wis budal nang sekolahan.
"Kok sik ndok omah?" takone Wiji mulih ngeterno anake.
"Anu, gak popo."