Lek biasane isuk-isuk omahe Diman wis rame mergo suwarane bojone, isuk iki beda. Wiji sing wis tangi kaet isuk resik-resik omah karo masak ora ono suwarane blas. Anake sing biasane dibengoki kon tangi, isuk iki dijarno tangi dhewe. Biasane lek bojone neleh anduk teles nang nduwur kasur dibengoki, isuk iki yo dijarno.
Nganti anak bojone budal, Wiji sik ora nyuwara. Wong wedok iku ngurusi omah kaya biasane ning dina iki ora atek nyetel koploan. Mari beres kerjoane, dheweke gletakan nang ngarep tipi, nonton FTV.
"Mak, kate nang ndi?" takone Diman.
"Ndok omah ae."
Sore iki ora kaya biasane, mari adus Wiji macak ayu. Lek kate lunga ngunu maklum, iki ora nang ndi-ndi. Biasane mung dasteran, sore iki Wiji nggawe dress jaman enome. Rada keciliken ning ora metetet. Rambute sing biasa dikuncir, saiki disisir rapi, diore. Diman nglirik bojone sing lagek gletakan karo nonton sinetron iku. Mesti ono opo-opo, pikire.
"Mak," celuke Diman lirih karo nyedek.
"Ndok kono ae."
Diman sing kate lungguh nyanding bojone langsung mandeg. Temenan iki, batine. Diman ngeling-eling sedinaan iki opo ae sing dilakoni. Wong lanang iku mikir mesti ono sing ora tepak sing garai bojone meneng, nesu. Ora rumangsa gawe salah, Diman akhire melu meneng. Anake wis turu nang kamare.
"Gak turu?" takone Diman.
Wiji ora nyauri. Dinengne kaya ngene garai Diman bingung dhewe. Ben dina wis biasa krungu suwarane bojone mbengoki ngunu ngene rasane ora enak lek sepi ngene.
"Aku pingin turu dhewe."