Diman sing lagek ngelus kayu bingung ndelok tonggone gupuh.
"Anakku lapo?" takone.
"Bojomu ditabrak becak."
"Bojoku opo anakku? Sing nggenah ta?"
"Anu...bojomu karo anakmu."
Ora kesuwen, Diman budal mulih mbonceng Eko. Ora moro nang omah wong jebul bojone digowo nang rumah sakit.
"Pak'e...hu...hu...hu."
Tomin sing eruh bapake teko langsung nyaluk gendong. Arek cilik iku kaet mau nangis ae, nangisi emake sing digowo mlebu nang ruangan.
"Cup. Ki onok Pak'e," omonge Diman karo nggendong anake.
Nang rumah sakit wis ono tonggone Diman sing nggowo bojone karo tukang becak sing nabrak. Tomin sing disusul emake mari mulih sekolah njaluk ditukokno es krim. Pas lagek mlaku kate nang minimarket moro-moro soko mburi ditabrak becak sing ngepot mari metu soko gang. Tomin sing digendong emake bundas irung karo tanggane mergo nyusruk aspal tibo soko gendongane emake.
Wiji sing lagek meteng telung sasi ora mung kaget ning yo melu tibo. Lek bundase ora sepiro'o ning wetenge ora kuat. Dokter wis ngandani lek anake gugur, kudu dikuret. Rong dino nang rumah sakit, Wiji wis oleh mulih.