"Tinggalen. Ojo nakal koyok Pak'e yo, Dek," omonge Tomin karo ngelus wetenge mak'e.
Kurang ajar, batine Diman. Sing nakal sopo sing diarani sopo, pikire. Ora mung Wiji sing sabar, Diman saiki sing kudu luwih sabar. Diman budal kerjo. Tomin diterno emake budal sekolah.
"Mecucu ae lapo sih? Sik isuk, Mas."
Diman ora nyauri. Ora dibolo anak bojone Diman sih biasa ae, wong yo ngerti mergo gawan bayi anak sing lagek nang wetenge bojone. Ning isuk iki rasane ora penak atine.
"Tinggal ngopi karo rokokan sik, ngko lak mari."
Arif, konco kerjone Diman, ngelungno bungkus rokok.
"Iyo."
Mari ngopi karo rokokan, atine Diman wis rada penak. Wong lanang iku nerusno kerjoane maneh.
"Man! Diman..."
Eko, tonggo sebelah omah mudun saka montor karo nyeluki.
"Man, ndang moleh. Anakmu..."