Diman meneng ae. Wong lanang iku ngenakno lek turu.
"Lek kate turu ki adus sik."
"Ngantuk."
"Kecut."
"Bahno, penting ngganteng."
Wiji meneng. Ning mergo mangkel, bokonge bojone disamblek.
"Koen iki ngising opo topo?"
"Sik mules," saure Wiji saka njero jeding.
"Aku yo mules."
Bengi umek turu, isuk umek rayahan WC. Kate nunut nang kamar mandi njaba podho antrine. Akhire Diman mung precang-precing nang ngarep jeding. Biyen milih jeding njero mergo Diman mikir repot lek jedinge barengan liyane, mesti antri soale sing ngekos nang kono meh kabeh wong-wong pabrik, wong kerjo sing jadwale podho. Ora mung iku, Diman mikire lek jedinge njaba ngko bojone sliberan atek anduk thok utowo daster lek mari adus. Masio mbayare luwih larang ora popo ngge Diman, timbang ndase mumet mbayangno wong-wong sebelah nontoki bojone kaya arek-arek sebelah sing senengane atek clono endek nyangkruk nang njaba kamar.
"Malah umbah-umbah, selak mbrojol iki."