Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Jembar

23 September 2014   17:06 Diperbarui: 17 Juni 2015   23:50 193
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Mari kawin, Wiji karo Diman ora langsung nduwe omah dhewe. Wong iku yo ora gelem nunut nang omahe Diman. Wiji Diman milih ngekos cedek pabrike Wiji. Kos sing mung sak kamar iku ukurane kurang luwih telu ping limo meter. Nang kos ora mung Wiji karo bojone sing nyewo. Ono sepuluhan kamar sing ukurane bedo-bedo. Kamare Wiji Diman lumayan jembar mergo dingge wong loro. Jedinge nang njero kamar, masio mung iso ngge lungguh wong siji, lek wong loro mlebu bareng ngadeg lagek iso.

Nang pojok mburi, sebelahan karo jeding digawe masak. Perabotan piring gelas sak kompore nang nduwur mejo cilik. Kasur cilik, ora atek dipan, nang ngarep mepet lawang. Lek bengi wong loro iku turu sebelahan karo montore Diman.

"Rodok rono."

"Rodok rono ngendi maneh? Iki wis pinggir."

"Sumuk ki lho."

Wiji sik usrek ae.

"Lha trus aku mbok kon turu nang ndukur montor ngunu?"

Wiji mecucu.

"Turu ki meneng, ojo usrek ae."

Lek awal-awal kawin biyen wong loro iku jarang gembrah, sik seneng. Kasur sak uplik yo ora masalah. Saiki ben kate turu mesti umek.

"Kecut!"

Diman meneng ae. Wong lanang iku ngenakno lek turu.

"Lek kate turu ki adus sik."

"Ngantuk."

"Kecut."

"Bahno, penting ngganteng."

Wiji meneng. Ning mergo mangkel, bokonge bojone disamblek.

"Koen iki ngising opo topo?"

"Sik mules," saure Wiji saka njero jeding.

"Aku yo mules."

Bengi umek turu, isuk umek rayahan WC. Kate nunut nang kamar mandi njaba podho antrine. Akhire Diman mung precang-precing nang ngarep jeding. Biyen milih jeding njero mergo Diman mikir repot lek jedinge barengan liyane, mesti antri soale sing ngekos nang kono meh kabeh wong-wong pabrik, wong kerjo sing jadwale podho. Ora mung iku, Diman mikire lek jedinge njaba ngko bojone sliberan atek anduk thok utowo daster lek mari adus. Masio mbayare luwih larang ora popo ngge Diman, timbang ndase mumet mbayangno wong-wong sebelah nontoki bojone kaya arek-arek sebelah sing senengane atek clono endek nyangkruk nang njaba kamar.

"Malah umbah-umbah, selak mbrojol iki."

"Yo diadahi kresek sik."

"Wooo...tak itung ping telu lek koen gak metu, tak..."

Wiji mbuka lawang jeding.

"Huh, pek-peken kono," omonge Wiji karo nyebeki bojone.

"Awas koen ngko bengi."

Lek wis jam setengah wolu sampek jam papat sore kamare Wiji karo Diman sepi. Wong loro iku kerjo. Ning lek wis mulih kabeh, mbalik rame maneh.

"Wis dikandani anduke ojo diteleh kasur, teles."

"Lali."

"Ben dino kok lali."

"Garek mindah ae atek ngomel."

"Garek neleh ndok hanger ae atek ngajak gelut."

Mangkel mergo mari udur-uduran perkoro anduk, bengi Wiji turu nyingkuri bojone. Wis dijaraki bojone ning wong wedok iku sik meneng ae, nesu.

"Lapo nyekeli tanganku?"

"Sopo sing nyekeli? Yo sampeyan iku nyedek-nyedek."

"Yo koen iku, aku lho meneng ae. Koen sing usrek. Kate njaluk ambung mesti."

"Males!"

Diman mesem. Kate nesu, kate ngamuk, wong kamar mung sakmunu, kasur sak uplik yo gelem ora gelem pancet nempel.

"Ojo didemok!"

Diman cengengesan. Wong lanang iku sik ae nggudoni bojone.

"Emoh! Sumuk."

"Hehehe..."

Ora let suwi wong loro iku meneng. Ora suwi....

"Gusti! Koen ngentut yo?"

Wiji meneng ae. Diman lungguh terus ngadep kipas cilik ndok sandinge, golek angin.

"Mangan ulo ta koen mau?"

"Wetengku lara."

"Lara yo ngising kono, ojo ngracuni kancane."

"Males, ngantuk."

Disawang bojone sing nerusno lek merem. Ngantuk, Diman mapan turu maneh. Tangane diteleh wetenge bojone sing turu nyingkuri.

Dutttt!

"Gusti! Bokonge didepno tembok!"

Karo merem Wiji mindah bokonge.

"Turu, wis bengi," omonge.

"Yo mbok entuti ae yok opo lekku turu."

"Merem, turu kok yok opo."

Gemes krungu saurane bojone, Diman njiwit lambene bojone.

"Aduh!"

"Sukur hehehe...."

***

Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun