Isuk mari diterno bojone nang pabrik, Wiji pamit sisan lek ngko sore ora usah dipapak. Wong wedok iku dijak Wiwik, koncone, ngancani nang mall. Ora suwi, ngomonge mung sak jam-an. Ning jenenge wong wedok, opo maneh kaya Wiwik sing sik bujang, nontoki barang-barang ngunu iku garai ngiler. Masio ta yo ora tuku ning pingine mlaku-mlaku, nontoki karo pisan-pisan njajali.
Diman sing ngenteni bojone nang kosan nganti kesel lek nyawang lawang. Bojone ora teka-teka. Mergo mangkel akhire lawange dikunci saka njero. Jam setengah wolu Wiji tekan kos. Didodoki bola-bali ora dibuka lawange. Wong wedok sing keluwen iku akhire nyegat bakul pentol trus dipangan nang ngarep kamar karo ngenteni bojone sing dipikire lagek turu iku tangi. Mesakno nontoki Wiji sing wis nyenuk karo nyeluki, akhire lawang dibukakno.
"Mulih ta? Tak pikir nginep iku mau. Tak enteni sampek keturon," omonge Diman mbujuk.
Wiji mlebu karo mecucu.
"Diceluki kaet mau gak dibukakno, selak luwe," omele Wiji.
"Luwe opo? Wong wis mangan pentol ngunu."
"Sampeyan gak turu yo? Sengojo yo ngunci lawang?"
"Gak yo, aku keturon iku mau."
Diman sing ancen ora turu keceplosan, lali.
"Kok ngerti lek aku mari mangan pentol?"
"Lha iku...iku sunduke katut..."