"Akk..."
Lek perkoro mangan Tomin ora angel. Opo ae diemplok kaya emake. Sakjane iso mangan dhewe ning kecer-kecer, akeh dolanane.
"Ojo mlumpat-mlumpat, mutah ngko."
Dikandani bapake, Tomin cilik ora trimo. Dheweke langsung meneng karo mecucu. Diman ambegan dawa, eling bojone.
"Yo mlumpato, alon ae," omonge nang anake.
Wis kadung nesu, Tomin meneng ae. Lambene selot maju. Diman ngukuri gundule, ora iso omong opo-opo maneh. Jarno ngko ngenteni bojone ae.
"Melu pak'e opo mak'e?"
Dina iki riyaya kurban. Kaet isuk Wiji, Diman karo anake wis tangi, siap budal nang masjid. Tomin cilik digaweni kupluk.
"Melu mak'e."
"Nuk kono ae, mak e solat sik."
Tomin cilik manthuk. Ning dudu Tomin lek terus iso anteng, meneng ae. Wayahe wong ngomong amin, Tomin cilik mberok sak bantere. Wayahe emake sujud, arek cilik iku munggah nang nduwure, numpaki emake. Pas mak'e njuding, dheweke melu njuding, ngajak emake dolanan.