"Kene, ojo adoh-adoh."
Pak Lurah sing lagi ngenakno ngombe kopi langsung padang matane. Wong umur seket taun iku ngawe-awe tangane. Sing diceluk mung mesam-mesem karo gedheg-gedheg.
"Duh," Pak Lurah gela-gelo karo nyekeli gundule.
"Kene wong ayu, ojo adoh-adoh," omonge maneh.
Isuk-isuk ngopi nang warung disuguhi telo goreng karo wong wedok ayu garai lurah lali buntute sing wes ana papat.
"Ngelu sirahku lek kaya ngene, wong ayu. Ojo nambahi abote pikiranku. Kene, lungguh sandingku kene..."
Wong wedok sing diceluki akhire mlaku nyedek. Ora langsung lungguh tapi klugat-kluget nang ngarepe lurah. Gemes karo pemandangan nang ngarepe sing seger, lurah narik tangan wong wedok sing jenengi Wiji iku. Ora let suwi wong loro iku cekikikan.
"Mangan opo kok iso seger kaya ngene, he?" takone lurah karo njawil janggute Wiji.
"Mangan godhong telo."
"Mangan godhong telo ae iso ayu ngene, yok opo lek mangan sak uwite."
Sing digudo sik mesam-mesem.