"Enak?"
Tomin manthuk. Diman mrenges ndelok anake ngenakno mangan. Wong lanang iku melu mangan.
"Mak, ayame neh."
"Ho oh."
Tomin mesem. Wiji melu mesem. Diman kewaregen. Ora mung mergo mari mangan, ning ndelok anak bojone mangan, wong lanang iku melu wareg. Lek basane wong-wong kae, Wiji karo Tomin ki semego, nyenengno lek lagi mangan.
"Mak, ngerti duwitku?" takone Diman sing mari mangan mbuka lemari, kate tuku senar.
Diman metu. Ndelok bojone bingung, Wiji malah mesem.
"Mene ae yo, Pak, sakiki sing penting anake meneng dhisik," omonge Wiji karo sik mesem.
"Duwite...?"
"Ho oh."
Dingge ngeneng-ngeneng anake, Wiji budhal nang pasar tuku pithik karo bahan ngge gawe jajane anake sing meh entek iku. Ora cukup, duwite bojone sing kate dingge tuku senar dijupuk.