Tomin sing mau rada wedi, saiki gelem lungguh nyedeki kucing.
"Mak, cucune entek."
"Yo, jarno ae. Didusi ae mari ngene, tak marekno lek masak sik."
Tomin ndeprok. Arek cilik iku nyawangi kucing sing ketok luwih seger mari ngombe susu. Mari masak, ndulang anake, Wiji ngadusi kucing.
"Dicabun, Mak."
"Gak usah. Uwes ojo akeh-akeh banyune, kademen ngko."
Sakjoke diopeni nang omah, kucing sing kapan kae neka nang omah selot lemu. Ulune selot kandel yo resik. Matane wes ora beleken. Resik, kaya kucing-kucing omahan. Isuk nganti bengi Tomin dolanan terus karo kucinge. Kadang digendongi, kadang dijaraki atek biting sing pucuke dikei kertas.
"Isuh sik tangane lek kate maem," omonge Wiji.
"Tucinge gak isuh."
"Lha sampeyan kucing opo Tomin?"
"Omin."