Mohon tunggu...
Meilani Alvindha
Meilani Alvindha Mohon Tunggu... Mahasiswa - Universitas PGRI Madiun

Wanita yang suka berakting dan bermain drama, selain itu juga suka berimajinasi

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Jarwo Bodhong

25 Desember 2022   22:09 Diperbarui: 27 Desember 2022   09:54 267
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

"Jarwo Bodhong"

Dening: Meilani Alvindha Putri

       Sawijining dina ana kucing blesteran Jawa Inggris jenenge Jarwo. Jarwo nduweni wulu sing mulus, kinclong lan resik, wernane coklat mbulak karo putih sitik. Ing wayah wengi Jarwo mlaku-mlaku ning pawon omahe majikane. Pas Jarwo mlaku mrono dheweke weruh ana anak thekek lagi nggondol iwak goreng sing gedene ora umum. Iwak goreng kuwi mau nggone majikane Jarwo sing diseleh ning nduwur meja nanging lali ora ditutup maneh, makane iso digondol karo anak thekek mau.

       Si Jarwo dadi kepengin ngrasakne iwak goreng sing digondol karo anak thekek mau, amargo dheweke gung nate dipakani iwak goreng dening majikane. Terus Jarwo golek cara supaya iso ngroyok iwak goreng kuwi mau. Kanthi modal nekat lan kapinteran sing  marai Jarwo wani ngroyok iwak goreng saka anak thekek mau, lan kaprigelan olah kata kang mendhemi sing gawe anak thekek keweden.

       Jarwo rumangsa iso ngroyok iwak goreng saka anak thekek, sing miturut pengamatane isih lugu lan kurang pengalaman. Bedo karo Jarwo sing nduweni akal sak gudang ana wae rencanane, iso diarani licik nanging cerdas.  Jarwo marani anak thekek, dheweke arep nglakokne rencana ke siji.

"Hai Thekek, awakmu iku kok kethok pengkuh, rosa banget ngono tho, lan kulitmu kandel apik mulus ora tipis kaya kulit cecak. Apa tho rahasiane?

       Thekek atine bungah banget dialembana dening Jarwo kang elok rupane lan rosa awake. Nanging thekek meneng wae amarga sakumpama dheweke mangsuli pitakone Jarwo mau, iwak goreng sing digondol bakal ceblok ning ngisor lan dijupuk dening Jarwo. Jarwo ora kurang akal, banjur dheweke nglakokne rencana ke loro. Jarwo akhire takon maneh.

"Hai Thekek, kowe iso ngajari aku mlaku ning tembok. Kok ya pinter tenan kowe ki iso mlaku ning tembok, sing ngajari awakmu sapa tho?

       Thekek tetep meneng wae ora gelem mangsuli pitakon sing diwenehi dening Jarwo mau. Sakjane dheweke pingin njawab menawa iso mlaku ning tembok kuwi ora ana sing ngajari. Dheweke kuwi pinter banget awit cilik wis iso mlaku ning tembok, dadi isa mlaku dhewe rasah diajari sapa-sapa amarga wis gawan awit lair mbiyen. Jarwo ora pantang mundur, dheweke nyoba nglakokne rencana ke telu

"Hai Thekek, opo seng mbok gawa kuwi kok ketoke enak tenan tur gede banget, atake panganan beracun kui ngko"

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun