Mohon tunggu...
Kresno Aji
Kresno Aji Mohon Tunggu... Freelancer - Linux & LaTeX Specialist

Baru saja menyelesaikan S2.\r\nSuatu keinginan untuk menulis di bidang sosial budaya, terutama budaya Jawa. Analisa politik ditulis dalam bahasa Inggris.

Selanjutnya

Tutup

Lyfe

Ki Ula Tapa

21 Oktober 2015   23:55 Diperbarui: 21 Oktober 2015   23:55 45
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

[caption caption="Ki Ula Tapa minangka jejuluk kanggo R. Cokro Amin Wiguna Budi Kusumo, kang nalika iku wis ngancik yuswa 99 taun."][/caption]

Ature: Kresno Aji (kresno.aji@gmail.com) – Rabu / Buda Pon, 21 Oktober 2015

 

 

Ki Ula Tapa minangka jejuluk kanggo R. Cokro Amin Wiguna Budi Kusumo, kang nalika iku wis ngancik yuswa 99 taun. Mula bukane nganti jejuluk Ki Ula Tapa iku kawiwitan nalika piyambake dalah kulawargane nganakake lelungan saperlu pesiar ana ing gisik Jalasutra Jawa Wetan ing dalem taun 1969.

 

Pak Wiguna lan garwane dalah anake kang gunggunge ana sanga iku nembe cangkrama ana kana. Nalika iku ombake katon anteng bae nanging ora suwe banjur mumbul dadi patang meter dhuwure lan dumadakan bae ngelemake anake wuragil sing nembe umur 7 taun lan banget ditresnani dening Pak Wiguna. Nganti pitung dina Pak Wiguna ngarep-arep timbulle si wuragil iki, nanging kabeh mau cabar tanpa kabar babar pisan.

 

Amarga saking nggrantese atine anggone nandhang sungkawa, ing sawijine dina Pak Wiguna nekad lunga dhewe ana gisike Jalasutra kanggo nggoleki anake wuragil sing banget ditresnani kuwi. Satekane ana gisike segara, dheweke sila sedhakep anteng nganti sawetara wektu, nanging sing diantu-antu ora ana wewayangane babar pisan. Dumadakan, keprungu swarane anake saka tengah-tengahing segara kang banjur ilang. Pak Wiguna kagete setengah mati lan ngira menawa iku mau mung saka angen-angene dheweke bae. Dumadakan kaya ana sing nyablek pundhake Pak Wiguna, bareng dheweke mengo jebul sing nyablek mau anake sing wis kelem ana segara wingi....

 

Pak Wiguna nguceg-uceg mripate, mbok menawa dheweke nembe ngimpi ing wayah bedhug tengange. Kena diparibasakke, yen ana bledheg ora ngantiya gawe kaget atine Pak Wiguna kaya sing saiki diadhepi. Bocah kuwi matur marang Pak Wiguna: ”Bapak mboten sisah cuwa ing panggalih malih njih, kula sae-sae mawon. Sapunika kula sampun diramut dening Kanjeng Ibu Ratu...”

Kanjeng Ibu Ratu..? Karepmu piye to le, Bapak kok ora mudheng...?” pitakone bapake semu ngungun.

 

Kanjeng Ibu Radu Kidul pak, ratunipun seganten kidul... Sampun ta Bapak mboten sisah menggalih malih, dipun iklasaken kemawon anggen kula kesah...

Sedaya punika mboten bakal kadadosan menawi mboten saking idi palilahipun Gusti Allah.. Mbenjang penjenengan bakal pirsa piyambak.

Wiwit dinten punika Bapak ugi jejuluk Ki Ula Tapa njih, punika paringanipun KanjengIbu Ratu.

Ngendikanipun Kanjeng Ibu Ratu, mangke ing taun 2011 nalika yuswanipun Bapak ngancik 99 taun, panjenengan badhe dados tiyang sepuh ingkang kathah paring pambiyantu dhateng tiyang-tiyang ingkang mbetahaken pitulungan.

Ngendikanipun Kanjeng Ibu Ratu, panjenengan bakal seda nalika yuswanipun 100 taun, sasampunipun Bapak kathah paring pitulungan kanthi pambiyantunipun Kanjeng Ibu Ratu..”

 

Sabanjure, bocah kuwi ilang saka ngarepe Pak Wiguna, ya Ki Ula Tapa sing durung mudheng babar pisan karo apa sing diomongake anake wuragil iku mau... Mung bae, saben malem Jemuwah Ki Ula Tapa ajeg nekani gisik Jalasutra lan nglakoni semedi suwene 9 jam sapinggire gisike segara. Sanajan ta sasuwene semedi iki dheweke ora entuk apa-apa, apa maneh ngati ditemoni anake nanging dheweke ngukuhi omongane si ragil iku. Ing sajrone taun 1999, garwane Ki Ula Tapa seda ing yuswa 79 taun lan saploke anake ilang, siji-siji anake liyane uga susul-sumusul mulih nang pangayunane Pangeran lan mung nyisakake sawiji, yaiku anake mbarep kang jenenge R. Cokro Suryo Wiguna Bimo Kusumo kang sering diundang Mas Bimo.

 

Ngancik pungkasane taun 1999, Ki Ula Tapa sing nembe nedheng-nedhenge semedi ing gisik Jalasutra dumadakan dirawuhi sawijining kenya ayu kang manganggo nyamping sarwa ijo kanthi kuluk emas ing mustakane. Kenya iku ngendika marang Ki Ula Tapa: “Wis ana puluhan taun anggon ingsun nunggu tekane wayah iki, kadya dene sliramu sing wis nglakoni semedi puluhan taun suwene ana papan ini dhuh sang andon laku, senajan wis yuswa nanging isih tetep panggah pengkuh lan rosa. Wengi iku ingsun mrepegi sliramu kanggo menehi ngelmu Ula Tapa dhuh Raden Cokro Amin Wiguna Budi Kusumo.

Kanthi ngelmu iki mengko sliramu bisa paring pitulungan marang para warga kang nembe kagubel ing perkara kabutuhan sandhang lan pangan ing sajroning negara kang nembe kesandhung perkara ekonomi iki.

Sliramu dak wenehi Kitab Ula Tapa iki kang bakal rampung mbok sinaoni sajroning wektu 3 taun. Mung sliramu sing mbisa ndemek lan mbuka kitab iki. Menawa ana wong liya kang bakal nyoba ndemek, dheweke bakal kesetrum dayaning listrik kang kuwat banget nganti dheweke semaput.

Sliramu bisa ngamalake sakabehi isine kitab iki menawa umurmu wis ngancik 98 taun. Dhaharen godhong iki, godhong iki kang aran Godhong Ula Tapa. Dayane, senajan sliramu wis tuwa nanging ora bakal pikun lan ragamu isih tetep pengkuh lan rosa uga tansah diparingi kasarasan dening Gusti Allah nganti sapupute umurmu.

Godhong iki asale saka sajrone segara kang durung bisa kadumuk dening manungsa amarga wewatesane.

Wis kulup, lakonana sakabehe dhawuhingsun iki lan dadiya Ki Ula Tapa minangka utusanku ing pulo iki selaras klawan jati dhirimu ingkang sejati!”

 

Sejatosipun sinten ta paduka punika?” ature Ki Ula Tapa marang kenya kang manganggo sarwa ijo kuwi.

Mangertenana ya ngger, sejatine sun iki ya Kanjeng Ratu Kidul sing akeh digoleki dening para manungsa kang percaya marang ananingsun!”

 

Ki Ula Tapa langsung ngaturake sembah sedheku marang Kanjeng Ratu Kidul, ananging enggal-enggal kapenggak dening Kanjeng Ratu, lan banjur ngendika:

Aja nyembah marang ingsun! Sun iki ora kagungan kawenangan nampa sembah sujude manungsa! Aturana sembah sujud menyang Pangeran ya Gusti Allah, Hyang Kang Murben Dumadi, kang wus nyiptakake ingsun klawan sliramu uga langit saisine iki ngger....!”

Ki Ula Tapa banjur atur sembah sujud marang Gusti Allah, ngaturake panuwun amarga wis kaparingan berkah kang tanpa upama, sawise puluhan taun kagubel dening pacoban kang abot banget tumrap dheweke.

 

Sajrone wektu sangang taun iku Ki Ula Tapa nyinaoni sakabehe ngelmu kang ana ing kitab sing wis diparingake Kanjeng Ratu Kidul marang dheweke. Dayane Godhong Ula Tapa kabukten pancen ampuh. Sanajan ta umure Ki Ula Tapa wis ngunduri sepuh, nangng dheweke ora pikun babar pisan lan ragane isih panggah pengkuh lan rosa.

 

Maneka warna kadadeyan kang aeng lan nyalawadi kang dumadi salawase Ki Ula Tapa nyinaoni kitab kasebut. Ing sawijine dina, nalika Ki Ula Tapa nembe lunga menyang pasar, dumadakan dheweke nyipati ana wong wadon tuwa kang arep dirampog dening wong nenem kang awake gedhe-gedhe lan padha dene nduweni tato ing saranduning awake. Nyipati kedadeyan kasebut, Ki Ula Tapa mbengok sora lan sanalika iku wong-wong sing arep ngrampog sanalika padha dene kontal watara limang meteran kaya ana

sing mancal.

Sawetara dina, ana tanggane Ki Ula Tapa kang kena santhet nganti saben wengi wong kasebut mutah getih lan saka tutuke metu sawenehe paku. Ki Ula Tapa marani tanggane kasebut lan banjur nggablog gegere tanggane kuwi nganti semaput. Nalika wis tangi, dheweke wis waras-wiris kaya dene ora ana kedadeyan kang dumadi ing awake babar pisan. Esuke, ana pawarta menawa ada dhukun santhet cedhak kana sing tilar donya.

 

Sing luwih aeng maneh, nalika Mas Bimo ya putrane dhewe diajak Ki Ula Tapa lelungan menyang papane para pengungsi korban lendhut panas Lapindo Brantas. Ing kana, Ki Ula Tapa mbagekake dhuwit marang para warga, kanthi gunggung kumpul ana yen nganti 2 milyar. Mas Bimo sing nyekseni kedadeyan kasebut, mesthi bae ngungun lan kaya dene ngimpi nyekseni prastawa kasebut.

 

Mas Bimo dhewe ya ora mudheng kepiye nalare lan mula bukane sakabehe dhuwit kang akehe ora mekakad duweke Ki Ula tapa kang banjur diwenehake marang wong-wong sing mbutuhake pitulungan marang dheweke kasebut. Nalika ing sawijine dina, diwanek-wanekake matur marang Ki Ula Tapa, saka ngendi asale sakabehe dhuwit iku mau. Mangkene ngendikane Ki Ula tapa: “Mangertiya ya le, Kanjeng Ratu Kidul iku nduweni andhahan kang awujud ula siluman nalikane Kanjeng Ratu Kidul nelukake ratune ula siluman kang aran Nyai Blorong. Sakabehe ula siluman iku nduweni kabisan njupuk dhuwit-dhuwit simpenane para koruptor lan para mafia uga para durjana gedhe kang biyasa disimpen ana ing panggonan wadi. Saben wengi ula-ula siluman kasebut njupuki dhuwit-dhuwit iku saploke kanjeng Ratu Kidul menehi ngelmu Ula Tapa marang aku.” mangkono mau pratelane Ki Ula Tapa marang Mas Bimo, ya putrane kang mung kari sawiji iku

 

Nalika ngancik taun 2011, Ki Ula Tapa asring nampa tamu ing daleme saperlu nyuwun pitulungan, utamane ing babagan ekonomi lan racake kabeh kang teka ana ing kana padha dene keturutan apa sing dikarepake. Miturut ngendikane Ki Ula Tapa marang Mas Bimo, ing pungkasan taun 2010, Kanjeng Ratu Kidul rawuh maneh sapelu kanggo nyampurnakake ngelmune Ki Ula Tapa kang wis disinaoni sajrone 9 taun selawase iki. Kanjeng Ratu Kidul uga akon marang Ki Ula Tapa supaya ngamalake sakabehe ngelmune marang sapada-pada kang mbutuhake pitulungan sarana dheweke.

 

Kapethik saka: sejarah pesugihan ular topo, kanthi panyalarasan ing kana-kene

 

Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
Mohon tunggu...

Lihat Konten Lyfe Selengkapnya
Lihat Lyfe Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun