[caption caption="Ki Ula Tapa minangka jejuluk kanggo R. Cokro Amin Wiguna Budi Kusumo, kang nalika iku wis ngancik yuswa 99 taun."][/caption]
Ature: Kresno Aji (kresno.aji@gmail.com) – Rabu / Buda Pon, 21 Oktober 2015
Ki Ula Tapa minangka jejuluk kanggo R. Cokro Amin Wiguna Budi Kusumo, kang nalika iku wis ngancik yuswa 99 taun. Mula bukane nganti jejuluk Ki Ula Tapa iku kawiwitan nalika piyambake dalah kulawargane nganakake lelungan saperlu pesiar ana ing gisik Jalasutra Jawa Wetan ing dalem taun 1969.
Pak Wiguna lan garwane dalah anake kang gunggunge ana sanga iku nembe cangkrama ana kana. Nalika iku ombake katon anteng bae nanging ora suwe banjur mumbul dadi patang meter dhuwure lan dumadakan bae ngelemake anake wuragil sing nembe umur 7 taun lan banget ditresnani dening Pak Wiguna. Nganti pitung dina Pak Wiguna ngarep-arep timbulle si wuragil iki, nanging kabeh mau cabar tanpa kabar babar pisan.
Amarga saking nggrantese atine anggone nandhang sungkawa, ing sawijine dina Pak Wiguna nekad lunga dhewe ana gisike Jalasutra kanggo nggoleki anake wuragil sing banget ditresnani kuwi. Satekane ana gisike segara, dheweke sila sedhakep anteng nganti sawetara wektu, nanging sing diantu-antu ora ana wewayangane babar pisan. Dumadakan, keprungu swarane anake saka tengah-tengahing segara kang banjur ilang. Pak Wiguna kagete setengah mati lan ngira menawa iku mau mung saka angen-angene dheweke bae. Dumadakan kaya ana sing nyablek pundhake Pak Wiguna, bareng dheweke mengo jebul sing nyablek mau anake sing wis kelem ana segara wingi....
Pak Wiguna nguceg-uceg mripate, mbok menawa dheweke nembe ngimpi ing wayah bedhug tengange. Kena diparibasakke, yen ana bledheg ora ngantiya gawe kaget atine Pak Wiguna kaya sing saiki diadhepi. Bocah kuwi matur marang Pak Wiguna: ”Bapak mboten sisah cuwa ing panggalih malih njih, kula sae-sae mawon. Sapunika kula sampun diramut dening Kanjeng Ibu Ratu...”