“Kanjeng Ibu Ratu..? Karepmu piye to le, Bapak kok ora mudheng...?” pitakone bapake semu ngungun.
“Kanjeng Ibu Radu Kidul pak, ratunipun seganten kidul... Sampun ta Bapak mboten sisah menggalih malih, dipun iklasaken kemawon anggen kula kesah...
Sedaya punika mboten bakal kadadosan menawi mboten saking idi palilahipun Gusti Allah.. Mbenjang penjenengan bakal pirsa piyambak.
Wiwit dinten punika Bapak ugi jejuluk Ki Ula Tapa njih, punika paringanipun KanjengIbu Ratu.
Ngendikanipun Kanjeng Ibu Ratu, mangke ing taun 2011 nalika yuswanipun Bapak ngancik 99 taun, panjenengan badhe dados tiyang sepuh ingkang kathah paring pambiyantu dhateng tiyang-tiyang ingkang mbetahaken pitulungan.
Ngendikanipun Kanjeng Ibu Ratu, panjenengan bakal seda nalika yuswanipun 100 taun, sasampunipun Bapak kathah paring pitulungan kanthi pambiyantunipun Kanjeng Ibu Ratu..”
Sabanjure, bocah kuwi ilang saka ngarepe Pak Wiguna, ya Ki Ula Tapa sing durung mudheng babar pisan karo apa sing diomongake anake wuragil iku mau... Mung bae, saben malem Jemuwah Ki Ula Tapa ajeg nekani gisik Jalasutra lan nglakoni semedi suwene 9 jam sapinggire gisike segara. Sanajan ta sasuwene semedi iki dheweke ora entuk apa-apa, apa maneh ngati ditemoni anake nanging dheweke ngukuhi omongane si ragil iku. Ing sajrone taun 1999, garwane Ki Ula Tapa seda ing yuswa 79 taun lan saploke anake ilang, siji-siji anake liyane uga susul-sumusul mulih nang pangayunane Pangeran lan mung nyisakake sawiji, yaiku anake mbarep kang jenenge R. Cokro Suryo Wiguna Bimo Kusumo kang sering diundang Mas Bimo.
Ngancik pungkasane taun 1999, Ki Ula Tapa sing nembe nedheng-nedhenge semedi ing gisik Jalasutra dumadakan dirawuhi sawijining kenya ayu kang manganggo nyamping sarwa ijo kanthi kuluk emas ing mustakane. Kenya iku ngendika marang Ki Ula Tapa: “Wis ana puluhan taun anggon ingsun nunggu tekane wayah iki, kadya dene sliramu sing wis nglakoni semedi puluhan taun suwene ana papan ini dhuh sang andon laku, senajan wis yuswa nanging isih tetep panggah pengkuh lan rosa. Wengi iku ingsun mrepegi sliramu kanggo menehi ngelmu Ula Tapa dhuh Raden Cokro Amin Wiguna Budi Kusumo.