Sawetara dina sawise kedadeyan kasebut, pranyata kedadeyan sing meh padha uga dumadi ana ing tangga desane Soma. Bedane, saiki nemahi mbah Sadli kang wis suwe nandang lara. Ora watara suwe uga dumadi ana ing desa liyane, saiki nemahi sawenehi kenya SMA kang nembe mekar-mekare. Jare wong-wong amarga si bocah wadon iku kapedhotan katresnan klawan pacangane.
Soma sing nyetitekake sawernane kedadeyan kasebut, meneng-meneng banjur nemoni sesepuh ing desane sing asmane mbah Sidik. Sawise pamitan karo wong omah, wengi iku dheweke sanja nang omahe mbah Sidik.
"Kula nuwun mbah...."
"Sinten njih...?"
"Kula... Soma.."
"Eh! Mangga-mangga pinarak nak..."
Sawise bage-binage kahanan lan ngobrola ngalor-ngidul, mbah Sidik banjur takon,
"Jan-jane nak Soma iki duwe karep apa ta, kok wengi-wengi teka mrene..?"
"Waleh-waleh punapa ta mbah, kula niki rak badhe nangletaken prastawa kang nembe mawon nemahi dhusun kita punika. Utaminipun prastawa ngendhatipun suwargi pak Wagiyo sakulawarga, kok werni-werni pawartanipun...."
"Owh... kuwi ta nak..."
Mbah Sidik kendel sedhela karo ngematake rokok kretek remenane.
"Lha miturut nak Soma dhewe kira-kira kepriye...?"
Ujare mbah Sidik karo nanjehake sing dikarepake Soma, kaya-kaya wis ngerti apa sing dadi gorehing atine Soma kuwi.
Soma banjur nyaritakake kedadeyan kang wus disumurupi sadurunge pak Wagiyo sakulawarga ngendhat sewulan kepungkur.
Mbah Sidik mirengake karo manggut-manggut, ngendikane:
"Apa sing wis mbok weruhi kuwi apa mbok kandhakake nang polisi sing mriksa awakmu biyen ta nak....?"