Mohon tunggu...
Kresno Aji
Kresno Aji Mohon Tunggu... Freelancer - Linux & LaTeX Specialist

Baru saja menyelesaikan S2.\r\nSuatu keinginan untuk menulis di bidang sosial budaya, terutama budaya Jawa. Analisa politik ditulis dalam bahasa Inggris.

Selanjutnya

Tutup

Fiksiana

Nyalawadine Pulung Gantung

1 Juli 2015   11:19 Diperbarui: 1 Juli 2015   11:19 140
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Ature: Kresno Aji

Maneka kahanan kedadeyan amarga pulung gantung

Sing jeneng pulung kuwi biyasa ajeg kanggo rebutan nalikane nembe rame-ramene pilihan lurah, bupati utawa walikota lan liya-liyane. Nanging pulung sing siji iki nyatane malah disiriki wong akeh, malah menawa yen nganti weruh banjur padha bengok-bengok lan girap-girap kamiweden. Pulung apa ta kuwi? Ya iki sing diarani pulung gantung, sing bisa gawe miris atine warga ing tlatah Gunung Kidul.

Ing wengi iku, ngepasi jam sewelas bengi, ndelalah malem Jemuwah mbuh pasarane apa, Soma nembe bae maca layang kabar kang rame mbiwarakake bab pulung gantung ing Kabupaten Sleman. Hawane atis tur kekes, saka kadohan swarane asu kampung kang mbaung ngintir-intir ndadekake ati dadi miris. Dumadakan saka ndhuwur wuwungan keprungu swara "bleg..." "bleg..." "bleg...". Mangkono iku wola-wali, kaya-kaya ngiteri omahe dheweke. Atine Soma kedadak dadi goreh lan was sumelang, enggal-enggal dheweke metu ngomah lan nggoleki asale swara iku mau.

Nalika tekan latar, soma ngulatake ndhuwur ngomah karo nyetitekake swara blag bleg iku mau. Dumadakan saka ndhuwur dheweke weruh ana cahya gedhene sak bal kanthi warna kuning semu abang, ing mburine kaya ditutake mbuh manuk apa lawa nanging ukurane ora lumrah. Rada suwe anggone namatake cahya iku mau karo ngewel.

Ing batine, Soma mikir-mikir, "lumrahe pulung utawa ndaru iku warnane biru wulung semu putih utawa putih semu kuning. kang ngemu surasa kabegjan, mbuh kuwi wujud rejeki utawa panguwasa. Nanging yen iki pulung kok warnane ora biru utawa putih nanging kuning semu abang mbranang, memper kaya kuninge endhog bebek kae. Lha mburine kuwi kalong apa manuk beluk, kok gedhene ora lumrah...

Wewayangan kaya kalong gedhe iku mau kaya nembe nguwasake kahanan. Bleg... bleg... bleg... Kaget Soma mandeng kaelokan sing ana ing ngarepe iku mau. Dheweke weruh cahya lan wewayangan manuk gedhe iku mau mudhun ana omahe tanggane kang kapapan lore omahe dheweke.

Durung mari anggone kaget campur trataban, dumadakan cahya mau malih dadi wewayangan putih kaya dene kuntilanak nanging rambute putih. Nalika ditamatake maneh, kuntilanak mau bali nguwasake Soma karo matane mendelik abang kaya mata macan arep ndekep kae. Siyunge dawa kaya pedhang sak bangkekan, dheweke kaya-kaya arep marani Soma. Soma banjur ngwel, sabisa-bisane dheweke ndonga nyuwun pangayomane Gusti Allah lan enggal-enggal mlebu omahe dhewe. Seluman iku banjur mbalik sawise sadurunge nyawang Soma kanthi polatan gething banget. Dheweke mlebu omahe tanggane, dene wewayangan manuk gedhe iku ngilang mbuh menyang ngendi parane.

Nalika esuke, kampunge geger amarga tangga ngarep omahe kang asmane pak Wagiyo sakulawarga ditemokakek kanthi nggantung... Swasane kang nrenyuhake kasebut ketambahan anane sauntara raja kayane warga ana kang tiwas kanthi kahanan kang nrenyuhake. Gulune mbluwek lan getihe garing. Geger para warga, padha poyang-payingan nylametake anak lan bandhane dhewe-dhewe.

Garis polisi diubengake sakupenge ngomahe pak Wagiyo lan uga raja kayane warge sing mati kanthi kahanan nrenyuhake iku mau. Saperangan warga ing sakiwa tengene omahe pak Wagiyo padha ditakoni dening polisi, kalebu Soma kang mau bengi jan-jane nyipati dhewe separo kedadeyan iku. Nanging nalika diinterogasi dening polisi loro kuwi sumo mung ngaku menawa dheweke metu ngomah ngepasi subuhan isuk mau lan krungu tangga teparo padha bengak-bengok menawa ana wong mati.

Wis ana matang puluh dina saploke sedane pak Wagiyo sakulawarga, sing wis nggegerake desane iku. Nganti saiki durung wangsulan saka kapolisian ngenani sabab-musababe nglalu kuwi. Mung ing layang-layang kabar ditulis menawa sedane pak Wagiyo jalaran masalah ekonomi, utamane utang-piutang. Kamangka sangertine para tangga teparo, pak Wagiyo iku priyayine grapyak lan sering melu urun ngepasi ana kegiatan ana desane kana. Tangga-teparone racake ora nate krungu menawa pak Wagiyo sekaliyan iku kagungan utang-piutang marang liyan. Ana maneh sing alok pawarta, menawa sebab nglalune pak Wagiyo sakulawarga iku amarga stress banjur ajak-ajak anak lan bojone supaya nglalu bareng. Ana uga sing nuduh kuwi gaweya para makhluk luar angkasa kang katelah UFO, awit ana sadengah raja kayane warga kang melu mati kanthi kahanan kang gawe mirise ati, yaiku gulune mlowek lan getihe garing. Mula nalika layang-layang kabar ngamot pawarta ngenani sabab-musabab sedane pak Wagiyo banjur umyeg dhewe-dhewe. Racake padha nyalahake layang kabar mau kang mung dianggap nggedubrus, ora karuwan juntrunge bae.

Sawetara dina sawise kedadeyan kasebut, pranyata kedadeyan sing meh padha uga dumadi ana ing tangga desane Soma. Bedane, saiki nemahi mbah Sadli kang wis suwe nandang lara. Ora watara suwe uga dumadi ana ing desa liyane, saiki nemahi sawenehi kenya SMA kang nembe mekar-mekare. Jare wong-wong amarga si bocah wadon iku kapedhotan katresnan klawan pacangane.

Soma sing nyetitekake sawernane kedadeyan kasebut, meneng-meneng banjur nemoni sesepuh ing desane sing asmane mbah Sidik. Sawise pamitan karo wong omah, wengi iku dheweke sanja nang omahe mbah Sidik.

"Kula nuwun mbah...."

"Sinten njih...?"

"Kula... Soma.."

"Eh! Mangga-mangga pinarak nak..."

Sawise bage-binage kahanan lan ngobrola ngalor-ngidul, mbah Sidik banjur takon,
"Jan-jane nak Soma iki duwe karep apa ta, kok wengi-wengi teka mrene..?"

"Waleh-waleh punapa ta mbah, kula niki rak badhe nangletaken prastawa kang nembe mawon nemahi dhusun kita punika. Utaminipun prastawa ngendhatipun suwargi pak Wagiyo sakulawarga, kok werni-werni pawartanipun...."

"Owh... kuwi ta nak..."
Mbah Sidik kendel sedhela karo ngematake rokok kretek remenane.
"Lha miturut nak Soma dhewe kira-kira kepriye...?"
Ujare mbah Sidik karo nanjehake sing dikarepake Soma, kaya-kaya wis ngerti apa sing dadi gorehing atine Soma kuwi.

Soma banjur nyaritakake kedadeyan kang wus disumurupi sadurunge pak Wagiyo sakulawarga ngendhat sewulan kepungkur.

Mbah Sidik mirengake karo manggut-manggut, ngendikane:
"Apa sing wis mbok weruhi kuwi apa mbok kandhakake nang polisi sing mriksa awakmu biyen ta nak....?"

"Nggih mboten ta mbah... saged-saged kula diarani ada-ada, gawe crita ora genah.
Klenta-klentuni rembag, malah kula saged mawon didakwa sing merjaya suwarginipun pak Wagiyo sakulawarga....."

Mbah Sidik mung manggut-manggut, semune mbenerake alasane Soma anggone ora crita biyen.
"Ngene ya nak..., apa sing mbok omong kuwi pancen ana benere, pancen ewuh ngadhepi kedadeyan kang kaya mengkono kuwi.
Nanging jan-jane para warga kene ya wis padha rembugan arep nganakake slametan tulak balak, kang ujube nyenyuwun marang Gusti Allah muga-muga kedadeyan sing wingi kuwi mandhega tekan samene bae."

Soma mung meneng bae karo manggut-manggut syarujuki apa kang dingendikakake mbah Sidik.

"Pancen kaya sing mbok deleng iku uga ana benere, pulung gantung mono yen arep teka biyasane maujud cahya kuning semu abang mbranang, dieloni swara gagak utawa seblakane manuk keblak nang mburine...
Menawa wis cumondhok ana ing omahe warga, dheweke banjur malih dadi rerupan nggegilani maujud kaya wewe, kanthi rambut putih tekan bokong lan nganggo klambi warna putih kaya klambi rumah sakit kae.
Siyunge crongoh dawa tekan udel, kanthi mata mendolo warnane abang mbranang.
Sawise cumondhok ana ing papan kasebut, dheweke banjur gawe gendam. Saengga wong-wong sing racake nembe turu angler mau banjur padha tangi lan banjur golek tali utawa reka daya apa bae sing bisa kanggo sarana nggantung kanthi dudu karepe dhewe.
Sing asring kedadeyan, wong-wong sing nggantung biyasane sakulawarga kanthi nggantung ing papan kang seje ing sajroni wengi iku."

"Dene matine kewan-kewan raja kayane warga kene, kuwi pokal gawene gerandhong sing biyasa ngetutake ing ngendi lungane si pulung gantung iku. Dheweke iku sing memba-memba dadi manuk keblak, sing wujude memper kalong nangin gedhene ora lumrah."

"Lha kados pundi caranipun ngawekani pulung gantung punika mbah...?"
ujare Soma nrambali ngendikane mbah Sidik

"Biayasane, sarampunge jisim sing nglalu kuwi kapendhem, para warga banjur padha ndhudhuk lemah sangisore korban nglalu lan uga kayu utawa blandhar sing kanggo nggantung uga banjur dilarung lan diganti anyar maneh.
Kanti pangarep-arep supaya ora nulari ing sakupenge papan kana utamane ing kampung kasebut.
Sak jan-jane pulung iki uga bisa ditulak sarana slametan tulak balak, kanthi ujub supaya diparingi kaslametan lan kedadeyan kasebut ora ngmbra-ambra saking kersane Gusti Allah.
Saliyane iku, uga aja asring ngalamun. Pawongan kang pikirane kosong kuwi gampang dileboni dhemit utawa kanthi ukara ilmiah gampang klebonan pikiran negatif, saengga bisa tumindak sing ora becik. Sering nganakake komunikasi marang Pangeran kanthi lantaran sholat, sembahyang utawa donga, kanthi ujub nyenyuwun marang Gusti Allah supaya diparingi slamet, tentrem nir ing sambekala bisa kanggo mageri sawernane panggodha ala."

"Lha jan-janne pulung punika saking pundi asalipun lan kenging punapa kok saged ndugeni tlatah mriki mbak?"
sumelane Soma

"Durung dimangerteni saka ngendi asale pulung iki, apa sing gawe kaya jamane Calon Arang biyen utawa mung fenomena alam kaya dene pegablug bae. Para warga kene biyasane mung niteni menawa pulung gantung iki tekane saben mangsa ketiga dawa nerak ing tlatah Gunung Kidul.
Nanging yen miturut pamawasku, pulung gantung iki jan-janne mung kaya dene pageblug kae nak...
Dene asale ya saka Gusti Allah, kanggo pengetan para warga umume lan para pamengku panguwasa utamane supaya mawas dhiri lan ngakeh-akehi prihatin ing mangsa ketiga iki.
Amarga akeh para kawula sing padha mulai rekasa uripe karana sawah kebone padha pusa kurang banyu lan reregan larang. Kudune pamarentah tanggap ing kahanan lan enggal-enggal paring damar pangupaya marang rakyate sing padha nembe rekasa!"

Soma mung manggut-manggut bae karo tumungkul, nyoba nyarawidekake apa sing dingendikakake mbah Sidik iku mau.

Sabanjure wong loro ngobrol ngalor-ngidul ngenani reregan sing mundhak ora genah lan kepriye juntrunge lakuni rodha panguripan sing saya suwe kok rasa-rasane saya ora genah.
bareng wis tambah wengi, Soma nyuwun pamit karo nyuwun pangestu mbah Sidik, muga-muga diparingi berkahe Pangeran nir ing sambekala.

Cuthel

Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
Mohon tunggu...

Lihat Konten Fiksiana Selengkapnya
Lihat Fiksiana Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun