Pacarku bagus lan piyantune alus. Sabar sanajan rasa nyleneh. Mas Dana iku fashionista, klambine branded lan kadang kala desaine ora bisa tak mangerteni. Dheweke kerep nonton fashion show, gawe klambi bareng desainer. Mula ora gumun yen kancane model-model sing ayune ora ketulungan.
"Menurut kamu ini bagaimana?" pitakone karo nuduhake klambi sing lengen dawa sisih, iker-ikere gedhe kaya kuping gajah. Kawit mau uda kara sejam Mas Dana mung namatake klambi iku.
Kanggoku klambi iku elek temenan. Lah mending klambi tanggaku sing adate nang ngalas. Embuh kok selera klambine Mas Dana rumangsaku rada nyeleh. Wis tau nganggo klambi polkadot sing bunderane sak kepelan tangan nanging polkadote iku arupa bolong-bolongan, kathok dawa belang-belang nanging sak ngisor dengkul medhun mung transparan kaya plastik model cutbray, topine nanging kaya sulak raffia abang sing gawe dheweke kaya rambutan abang.
Aku milih goroh wae timbang dadi perkara. "Apik, Mas."
Yen wis ngono kuwi banjur sisuk klambi anyar iku dienggo. Aku sing klambine ora aneh-aneh adate isin yen nalikane dolan karo Mas Dana. Wong-wong padha ngematake Mas Dana. Embuh merga kagum utawa ngece, aku ora ngerti sakmestine. Mas Dana sajake mati kulite, dheweke kudune ngerti kapan nganggo klambi sing kaya ning fashion show. Eman-eman klambi larang ananging jebul gawe dheweke dikira wong edan.
"Kamu akhir pekan ini ada acara?" pitakone. Ambu-ambune ajak dolan, nanging tujune aku oleh job. Job iki ora bakal tak tolak amarga saksuwene pandemi, job siji iki mandheg total.
"Aku ana job, Mas. Ngapura ya."
Mas Dana katon bingung. Dheweke pancen ngertine aku kerja ning bank, kamangka yen weekend bank mesti tutup. Rai bingung iku ora tak tanggepi, mung tak prengesi karo ngampet mangkel.
"Njenengan bisa ngancani aku kok, Mas. Sisuk njenengan melu wae." Aku ngguyu cengengesan. Mas Dana sajake gemes karo aku nganti njiwit pipiku.
Dina minggu aku sing ajak Mas Dana dolan sisan ngancani aku nge-job. Biasane sing nyetir Mas Dana, saiki aku karo nyetel uyon-uyon.