Wis ana yen 7 tahun Ponikem nyambut gawe ning Bekasi. Dheweke wis kesel dadi buruh pabrik, arep leren anggone peparan ning kuthane wong. Kekarepane iku sakjane wis kawit tahun wingi, ananging amarga Subagio, pacare wegah ditinggal dhewean mula Ponikem wurung mulih ndesa. Sidane Ponikem mulih tahun iki, kebeneran ngepasi kontrak kerjane entek lan wis pedhot katresnan karo Subagio sing kasunyatane milih wong wedok liya. Mulih-mulih Ponikem cidro.
Ponikem seneng banget, bisa pethuk wong tua lan tangga teparone maneh. Anggone mulih dheweke nduweni pengarep-arep sing akeh. Umure wis nyandhak 30 tahun, kuwi wis mangsane rabi lan omah-omah. Kanca-kancane wis padha nduweni anak pirang-pirang, malah kepara sing randha wis rabi maneh, uga wis tambah anak maneh. Weh lha kok mbungai!
Uda kara seminggu Ponikem mung ana ning ngomah. Jarene dheweke pengin leren sedhela seka sakabehe rasa sayah sing wis suwe diampet. Mbiyen nalikane ijih nyambut gawe ning Bekasi kaya-kaya kurang anggone leren. Mulane ing seminggu iku, Ponikem mung turon tangi. Yen diakon lelungan menyang warung wae ora nyaguhi.
"Rencanamu apa, Dek Pon?" pitakone Demplu, kakangne Ponikem sing saben dina mampir ngaruhake adhine.
Ponikem angop ambane sak dlamakan tangan. Demplu lan Mbok Tumiem nganti giris meruhi cangkem sing mangap-mangap iku. Ponikem kawit mbiyen nduweni untu sanggar cacahe 6. Dadi yen mangap gusi kiwa tengen baem ngisor iku kaya jagung sing durung dipithili.
"Aku arep mertani. Lemah bagianku sing sisih kulon kae arep tak polahi dhewe." Ponikem angop maneh. Demplu katon mangkel weruh adhine sing nyebahi. Ponikem wis 3 dina iki uga ora ganti klambi pinandha urung adus.
"Mung tujune aku ki ora mambu ya. Hahaha...." Ponikem ngguyu nyekakak. Dheweke wegah suwe-suwe anggone rembugan, banjur mapan turu maneh.
Yen wong liyane mulih seka peparan mesti owah, kaya dene Dini sing bali saka Batam banjur rambute abang kaya sumba, Tugimin saka Kalimantan nduweni tato ula naga ning geger, Trinil uga kerep nganggo sandhangan kurang bahan sakwise bali saka Jakarta. Ponikem panggah kaya mbiyen sing ora neka-neka. Malah sansaya kuru lan menengan.
Pancen bener! Sakwise seminggu iku, Ponikem langsung tumindak werna-werna kawit saka macul lemah nganti nandur kacang. Anggone nyambut gawe katon sengkut lan apa perlune. Menyang mruput, mulih sedhela awan-awan kanggo mangsak lan memangan, banjur ana ngalas maneh nganti wayahe ngarep surup.
Sanajan Ponikem suwe anggone peparan. Ibarate wis pirang-pirang tahun ora tahu nyekel pacul, urip ana kutho ananging kasunyatane olehe mertani jos temenan. Tandurane subur lan panene akeh. Ponikem pancen teladan!
"Kae ki kayane wong ndesa kulon kali ta, Kang? Ngapa kok tekan kene barang?" pitakone Ponikem marang kakangne.
Dheweke cubria karo wong lanang sing kawit mau isuk mung rana-rene ora cetha ana alase Pak Darman. Embuh gawean apa sing dilakoni, Ponikem rumangsa keganggu merga wong lanang iku kerep anggone ngematake. Kedadean kuwi ora mung pisan pindho, uga ora mung wong siji sing kaya ngono. Mula Ponikem sansaya suwe ngrasa ora tentrem yen nang ngalas dhewekan.
"Kae jenenge Jimin. Lha embuh kok bisa-bisane tekan kene." Demplu nyauri sinambi udut. "Jimin ki bakul jenang ning alun-alun."
"Kok ora dodolan coba? Malah rana-rene ora cetha." Ponikem katon sewot. "Desa iki kakean wong kurang gawean apa kepiye ta, Kang? Wis wong padha gedhe tua kok panggah ora dong."
"Luwih tepate desa iki kakean bujang ora payu, Pon." Demplu mesem getir. Kawit adhine mulih seka peparan pancen akeh wong lanang sing padha nakokake. Wiwit saka sing duda, bujang enom lan tuwa nganti simbah-simbah sing wis mambu lemah. Asem tenan!
Demplu mangkele ora eram nalika mangerteni akeh wong lanang sing padha ngincer adhine kanthi dalan sing ora bener. Ana sing nunggoni Ponikem ning ngalas sedina muput, ngirim WA lan telpon-telpon ora cetha. Wis kaping pirang-pirang Ponikem oleh paket saka wong ora nggenah. Dasar bujang-bujang ora payu sing uga ora mutu!
"Di kira umurku kuwi ijik enom apa ya? Hahahha. Aku wis tua ngene ki lho. Kok ora padha golek sing luwih enom," guyone Ponikem.
Mripate ngembeng eluh kelingan nasibe sing ora beda adoh karo bujang-bujang ora payu iku. Dheweke uga urung payu, olehe cidro ora enggal mari-mari. Siji-sijine cara nylamurake rasa nelangsa yaiku sengkut nyambut gawe ana ngalas. Ponikem ora nduweni pilihan liyane. Kon kepiye maneh?
"Aja banjur nelangsa ngono, Pon!" kandhane Demplu.
"Kabeh kuwi ana wayahe. Saben uwong nduweni crita lan dalan dhewe-dhewe, werna-werna. Yen sedih ora mesti artine kowe sial. Percaya Gusti yen kabeh ana mangsane, wayah sing paling apik kanggo awakmu. Lan wayah itu ora bisa mbok sangka-sangka kapan tekane. Mula iku terus anggonmu prasangka lan tumindak becik."
"Eling! Apa sing mbok lakoni bakale mbok unduh. Yen kowe cidro, aja mutung lan pekok. Aja mutusi nasibmu iku elek. Yen kowe rumangsa ora enggal payu, aja banjur obral. Aja pisan-pisan ngono kuwi! Tetepo njaga ajining diri, Pon."
Yogyakarta, 28 Mei 2021
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H