Mohon tunggu...
Lina M
Lina M Mohon Tunggu... Lainnya - Wisteria

There's gonna be another mountain

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Saloka Sumunar

27 Maret 2021   08:00 Diperbarui: 27 Maret 2021   08:09 834
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Sumber gambar: galeri foto pribadi

Aku Jasmine, demit wadon sing tunggu watu gedhe. Sanajan raiku ora cetha merga ireng kaya areng ananging aku resikan, ora mambu malah kepara wangi. Aku wis manggon uda kara 5896 tahun, lan dadi salah sawijining sesepuh demit ana ning tlatah Saloka.

Aku kerep dijaluki panemu nalika ana sing congkrah. Contone nalika Donut, gundul pringis sing konangan ngintip wewe gombel adus ning kali kanthi memba-memba dadi watu sing cumemplung ana banyu. Badros, bojone wewe gombel nesu lan ajak gelut Donut sing kurang ajar iku.

"Donut kurang ajar! Kowe ngintip bojoku adus ya arep ngapa? Wujud mung endhas thok kuwi bisa apa? Bisane ya mung mripatmu pendirangan," Badros ngece Donut sing keweden amarga diadili dedemit ning tlatah Saloka. "Kowe yen arep ciblon ora usah ngepasi bojoku adus ....

"Wis, Badros. Wenehana kalodangan Donut kareben ngomong," Daisy, sesepuh peri sing tunggu sendhang nengahi kahanan. "Gentenan anggone omongan, Badros."

"Lha sapa sing ora gething yen bojone dikaya ngono? Sadurunge nglabrak Donut, aku wis ngematake kahanan makaping-kaping. Tak kira Donut iku ciblon golek iwak. Ealah jebulna mung arep ngintip bojoku adus." Badros ngatonake siunge kaya-kaya arep nglethak Donut. "Kene tak untale sisan."

Aku mliriki Badros supaya lerem. "Aja ngono, Badros. Musyawarah iki kanggo ngrampungake perkara kanthi apik-apik."

"Halah Bu Jasmine ki ..... " Badros ora sida misuh mbasan Tumini, bojone ngelus-elus tangane.

"Mas, njenengan ampun duka rumiyin. Menika wonten warga dedemit lan para sesepuh lho. Njenengan kedah sareh supados perkaranipun enggal rampung nggih."

"Nggih, Dek." Badros owah dadi alus.

Uwu! Dedemit padha nyuraki Badros karo Tumini sing kaya Romeo Juliet.

Ceritane, Donut rada nyimpang amarga dheweke pedhot karo Dona Natalia, gundul pringis wadon sing manggon ana gumuk Kemangi. Cidro iku sing njalari Donut kesepian saenggo pengin golek hiburan. Dheweke wegah mbribik kuntilanak, jarene kurang seksi. Wegah karo Sundel Bolong, jarene mambu. Aja maneh pocong, mesti wegah e. Dheweke seneng njegal pocong supaya kesandung lan gegulung.

"Coba Dona Natalia dikaruhke. Mbok menawa isih bisa diajak kencan, Don." Badros menehi solusi. "Ananging jalarane kowe bisa pedhot karo Dona apa ta?"

Donut nudingi Puspa, demit warna jambon sing kondhang anggone isinan. "Demit isinan ngono kae nek nggodani ganas tenan."

Saben arep apel Dona, Donut mesti dicegat Puspa supaya mampir menyang omahe banjur digawe lali yen arep apel Dona. Donut disuguhi panganan sing enak-enak, diajak guyon malah wis tau bebarengan dolanan yoyo nganti sewengi nutuk.

Dona sing ora bisa yen ora dikaruhake dadi cubria marang Donut sing suwe ora apel. Ajur atine nalika meruhi Donut lan Puspa padha penekan wit kambil golek bajing. Dina sabanjure Dona ajak Donut ketemu kanggo medhotake tali katresnan.

"Saiki wis cetha jalaran lan perkarane kepiye. Donut aja neka-neka maneh. Awakmu wis ngrumangsani kleru mula enggal nyuwun ngapura karo Badros lan Tumini," aku omong kanthi alon-alon. "Dene Puspa aja njalari bab sing ora becik maneh ya."

Puspa manthuk. "Nggih, Nyai. Kula nyuwun pangapunten sampun klentu. Kula janji mboten badhe mangsuli klentu malih."

Kahanan wis malih tentrem. Badros wis ora kuatir maneh yen Tumini adus ning kali. Donut uga wis ora ngontrak maneh. Dheweke tuku salah sawijing wit kambil supaya bisa sak omah bareng Dona Natalia, ora LDR-an maneh. Dene Puspa katon ewuh anggone gawe warung. Dheweke nduwe karep dodolan camilan ning tlatah Saloka. Sanajan isinan kasunyatane Puspa pinter dagang.

***

Surup-surup nalika lungguhan ana jogan, Daisy mara menyang omahku.

"Aku ora dhewe. Aku ngajak sesepuh liyane, Lesmana, Baskara lan Winasthi. Ana bab wigati sing kudu dirembug dina iki."

 "Bener panyangkane awakdhewe wingi kae." Winasthi sedhakep. "Ana sing lekas ora bener ning tlatah Saloka."

Aku manthuk banjur nudingi gua cilik sing dadi omahe siluman ula putih sing lagi pindah uda kara 130 tahun kepungkur. Aku lan sesepuh liyane ndelengake gua cilik iku kanthi mangkel. Katon saka kadohan ana kebul abang metu saka bolongan gua, bareng karo swara-srawa mantra ilmu ireng sing ora penak dirungokake.

Badros, Donut, Puspa lan dedemit liyane mlumpuk ana latar. "Kepripun menika, para sesepuh? Saloka mboten purun dados papan ingkang reged."

....

Yogyakarta, 27 Maret 2021

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun