"Kang Jemingin!" Sutini gage-gage meraki aku. Wong lanang kuwi mung mrenges banjur lunga klepat. Jan ora ngerti unggah-ungguh! Ora ngerti takon utawa sapa aruh.
"Seka ngendi, Ti?" pitakonku marang Sutini. Sutini meneng wae. Ora wani njunjung sirah, panggah ndingkluk. "Konangan kowe! Woalah nyolong pethek!"
Sutini nangis ning ngarepku. Eluhe tumetes ana ing pupune sing ora ketutupan rapet merga mung nganggo rok mini.
"Woalah! Tujune rambutmu kuwi ora tumanen. Tujune pakulitanmu iku wis resik, ora gegatelen gudig maneh," ujarku mangkel. "Wong kowe ya wis kerep dadi bintang tamu nandi-nandi, olehmu dodolan gethuk kuwi apa urung nyukupi kebutuhanmu ya, Ti?" pitakonku sansaya sero. Sutini nangis kaya tangis kepaten.
"Mas, kancaku saiki akeh. Ora mung bakul-bakul thok. Aku saiki wis ...
"Aku mangerti yen swaramu apik, olehmu nari bisa luwes lan guyonanmu uga gayeng. Kabeh wis ngerti yen kowe iku kondang. Ananging aja nglali lan lali, Ti. Eling!"
Simbokku sing ana njaba omah mung jumeneng ana latar, namatake Sutini sing nangis. Nalikane Sutini rada meneng, Simbok mlebu omah alon-alon. "Kowe eling ora pitutur sing wis tau simbok kandhakake marang kowe, Ti?"
 "Dadio wong wadon sing bisa jaga atimu tetep resik saka karep sing ora becik. Jaga awakmu kaya jaga mahkotane ratu. Merga regane wong wadon iku saka tata kramaning laku. Ora bakal ilang ayumu senajan rekasa uripmu. Ora bakal ilang cahyamu senajan lagi nelangsa atimu," ngendikane Simbok.
"Pancen saben wong iku bakal nduweni owah-owahan. Menawa owah-owahan iku pinuju kabecikan, terusna. Ananging menawa iku owah-owahan sing ala, lereno. Aja dibaleni maneh! Aja pisan-pisan dibaleni maneh! Aja nglali lan lali amarga apa sing mbok cekel saiki ora mesti mbok duweni selawase. Lan siji maneh, kabeh wong mesti ngundhuh wohing pakarti."
"Elingo, Ti. Eling."
Yogyakarta, 11 Oktober 2020