Mohon tunggu...
Lina M
Lina M Mohon Tunggu... Lainnya - Wisteria

There's gonna be another mountain

Selanjutnya

Tutup

Cerpen Pilihan

Jenengku Katrok!

12 Agustus 2020   10:15 Diperbarui: 9 September 2020   07:19 2874
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Sumber gambar: dokumen foto pribadi

Tahun iki umurku ngancik seprapat abad kang nandhakake menawa aku dudu bocah maneh, wis dadi wong kang dewasa kanggo ngreka maneka warna. Babagan pendidikan, aku wis lulus kuliah S1 uda kara 2 tahun kepungkur saka salah sijine Universitas Negeri ning Jogja. Bab nyambut gawe, aku kari nerusake usahane Bapak yaiku ngurus pitik wiwit saka ngrumat endog, kuthuk nganti dadi daging dibumboni kang siap dipangan. Cekake usahane Bapak iku sakabehe urusan kang kaitane karo pitik.

Yen diwawas aku iki anak kang kapacak nerusake usaha kagungane Bapak. Kakangku kang mbarep dadi PNS ning Sleman, Mbak-ku trima dadi ibu rumah tangga lan melu simahe omah-omah ning Bantul. Adhiku ragil wiwit cilik wis ngatonake seneng anggone keceh lan ciblon, saiki wis keturutan dadi atlet renang. Aku kawit mbiyen ajeg diajak Bapak ewang-ewang ana kandhang, nganti sasate kekancanku mung karo pitik.

Bab kuwi uga bisa diwawas anggone Bapak Ibu olehe menehi jeneng anak-anake. Kakangku jenenge Nicholas Reyhan Baskara, sing saka jenenge wis katon ganteng lan modern. Mbakku jenenge Jennie Viena Sekar Kinasih, lan adhiku ragil Nikita Reza Atmaja. Mung aku dhewe kang nduweni jeneng katrok lan ndeso alias ndesit.

Jenengku Sutomo Pawiro Kanthong. Kanca-kancaku biasane nyelukake Suto, Tomo, Pawir, Wiro utawa Kanthong. Pokoke jenengku iku paling kuno tinimbang bocah liyane. Kanthong! Iku celukanku kang paling kondang. Biasane padha mlesetake dadi pisuhan. Ya wis ben!

"Gondes!" Kuwi celukan kang marakake aku percaya diri. Amarga lanangan ngendi wae kerep dicelukake Gondes

Aku bisane mung nampa jenengku kuwi apa anane. Menawa arep ganti jeneng kok rasa-rasane aleman, aku kuat kok ngadhepi kahanan. Nalika aku kenalan lan nyebutake jenengku, bisa dititeni yen wong-wong padha namatake aku sinambi mesem, katon padha mesakake wong lanang bagus kaya aku kok jenenge katrok. Jeneng kaya wong lairan tahun telung puluhan. Nganti kanca-kancaku senengane mbebeda aku kayata menehi hadiah kado arupa menyan, kembang kanthil, nganti udud lintingan merga aku iki dianggep leluhur kang ijik urip.

Bab katresnan aku ora banget-banget oleh e apes. Aku tau dadi lanangan kemaruk kang ora marem macari wadon siji, dolanan wadon kana-kene sak senengku. Ananging kabeh wadon iku mung sewates kenal lan pacaran ning Facebook utawa Twitter, olehe pedhot ya mung liwat chat cekak kang bisa gawe aku nangis seminggu.

Pacaran liwat sosial media iku pancen kewanen. Urung mesti bisa meruhi piyantune lan tindak-tanduke kaya ngapa. Ananging aku rumangsa luwih percaya diri amarga wadon-wadon gendhakanku padha ora meruhi jenengku kang saknyatane. Lha wong jeneng akunku wae apik tenan, Demian Reyhan Atmaja. Dasare rupaku ya bagus dadi gampang olehe wadon. Menawa wadon-wadon iku mangerteni jenengku Kanthong, ya embuh bakal padha percaya iku rupaku apa udu.

"Duh jan! Bagus-bagus jenenge Kanthong!" ujare Nimas, kanca kawit cilik kang dadi tresna pisananku. Bocahe ayu, pinter, rambut ngandan-andan, irung bangir, ananging menawa guneman saksenenge dhewe. Aku kerep diunekake werna-werna karo Nimas.

"Kowe kaya wedhus!"

Aku mambu banger amarga telung dina ora adus. Pikirku nembe weweg ngrumat pitik, sisan ora usah adus malah samben dina mangan turu ning kandang.

"Kowe kuwi ajeg ning kandang ki apa melu ngengkremi endog pitik apa kepiye, Ndes? Kana kekancan karo babon-babonmu sisan!"

Nimas nesu-nesu. Wis sepuluh dina wonge mulih saka Tangerang, ananging aku ora ngabarake utawa dolan menyang omahe. Biasane menawa nganti wonge mara omahku apa maneh menyang kandang, berarti Nimas wis nesu banjur misuh-misuh. Aku kang reged ora bisa nyauri utawa nyeraki, Nimas iku resik lan wangi dadi eman menawa melu mambu telek pitik utawa kerah kemreki.

"Karepmu piye ta, Nim?" Aku kepeksa nyauri sakgelemku. Sirahku panggah muyer kawit mau bengi, pitik-pitik nembe rewel dadi menawa ora dirumat temenan bisa mati. "Pitike padha rewel. Nek padha mati ya aku bisa rugi. Kok kowe melu-melu rewel kuwi ana perkara apa?"

Nimas nggresulo ora cetha. Ah embuh muni apa, aku ora arep ngrungokake.

"Aku karo kowe kuwi wis padha weweg dhewe-dhewe, dudu bocah sing irak-irik dolan. Aja meneh saiki pitik padha nemahi akeh memala. Dadi menawa kowe arep ajak aku dolan kutho Jogja kanggo nonton film ning bioskop, karaoke, blanja ning mall, thethek ning cafe utawa ming arep golek angin ning pesisir. Kuwi kabeh aku ora bisa!" saurku luwih sero. "Kana ajak Reza utawa Kevin sing wangun diajak dolan! Eh jaremu kowe nduwe pacar? Ya ajak kuwi wae, ngapa ndadak ajak aku barang."

Brak! Aku sranthal mlayu marani babonku kang nembe momong kuthuk nanging malah diceraki jago thuk mis. Tak inguk, Nimas wis lunga embuh nandi. Paling ya ajak kanca-kanca milenial e dolan muter-muter Jogja.

"Lha kok gek bali ta, Mas? Iki mau Mbak Nimas ngenteni kowe lho. Malah nganti keturon barang." bengoke Nikita karo mangan gebleg. "Iki lagi wae entas bali."

"Halah wis ben!" Aku ora nggagas.

Aku meneng wae. Nimas pancen aneh! Kawit biyen menawa kekarepane ora keturutan marakake wong liya rumangsa kabotan.

"Kowe kuwi tak susul ning kandang, Ndes. Malah jebul wis bali. Jan kowe kuwi marakake apes!" Saka kadohan keprungu bengokane Nimas. Aku ngguyu weruh Nimas misuh-misuh sinambi ngresiki awake kang klumut telek pitik ing sakujur awak.

"Kowe mambu, Nim," ujarku. Aku ora bisa ngampet olehku ngguyu nyekakak.

Nimas meneng wae, nanging ora let sue nyeraki aku nuli nangis nggrieng kaya graji mesin. Dhisike dak nengke wae merga Nimas kang biasane urip resikan lan wangi mesti rumangsa jijik karo telek pitik kang saiki pating clanih ning klambine. Nanging nalika Nimas ngruket awakku, iku kang marakake aku malih dadi meneng.

"Kepiye?" Aku ngudari kahanan kareben Nimas bisa mratelakake kekarepane. "Kepiye, Nim?"

"Ayo maem!" kandhane alon. Rupane ora wani dikatonke. Nanging aku bisa mangerteni pipine mesti abang jambon. "Ayo maem."

"Iya," saurku cekak. "Kana gek mulih adus banjur tata-tata. Mengko tak pethuk ning ngomahmu."

Nimas kaya garangan kang konangan nyolong kuthuk, olehe lunga gelis temenan. Kekarepane Nimas ajak mangan ana njaba dak turuti tinimbang sisuk wonge misuh-misuh maneh ana ing kandang. Mesakake!

"Arep nandi, Nim?" pitakonku. Nimas sansaya nyleneh. Biasane menawa dolan karo aku mung kathokan komprang malah angot ora jungkatan. Lha iki kok dandan ayu kaya arep ketemu Gatotkaca.

Aku mung bisa ngulu idu. Kawit mbiyen menawa namatake Nimas, aku mung bisa ngangen-angen kapan aku anggone nyanding wadon kang gawe ati ayem, nampa apa anane lan adem tentrem.

"Kowe ana perkara apa kok jarene Nikita kemau ngenteni aku, Nim?" pitakonku sinambi mbenerake kuciran rambute Nimas.

Aku namatake Nimas sedhela. Raine sansaya abang nalika aku meruhi mripate kang mbrambangi.

"Kowe kuwi arep melu ngrumat pitik-pitikku apa kepiye, Nim?" pitakonku.

Nimas mesem, untu kaya wiji timun iku tharik-tharik.

Aku ngguyu banjur ngaras sirahe Nimas. "Kowe ki menawa kangen mbok teka omong, Nim."

"Nggih, Mas Kanthong."

Krungu jeneng asliku diceluk ngono kuwi gawe aku nangis.

"Romantis tenan kowe, Nim."

"Kakang Mas Sutomo Pawiro Kanthong ....."

Aku nangis. Nembe pisan iki ana wadon kang gelem nyeluk jeneng asliku. Biasane padha nyeluk Gondes utama jenengku kang biasane dadi guyonan.

Tak deleng Nimas sansaya manis. Anggone clathu-laku mranani atiku.

"Sasi ngarep ngrungokake Kebo Giro bisa apa ora, Nim?"

"Oke, Mas!"

Bengi iku uga aku matur Bapak sakabehe supaya sasi ngarep bisa nyetel Kebo Giro ana ning omahe Nimas.

Yogyakarta, 12 Agustus 2020

Sumber gambar: dokumen foto pribadi
Sumber gambar: dokumen foto pribadi

Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun