Mohon tunggu...
Lina M
Lina M Mohon Tunggu... Lainnya - Wisteria

There's gonna be another mountain

Selanjutnya

Tutup

Cerpen Pilihan

Kakus Mampet

5 Agustus 2020   10:22 Diperbarui: 5 Agustus 2020   10:40 1538
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Sumber gambar: galeri foto pribadi

Ibu meneng wae meruhi tingkahku. Pancen lagi iki aku katon nganeh-anehi, lha wong biasane aku gemati lan ndemenaake anggone among tamu. Ora eram yen mantan-mantanku mbiyen akeh sing pengin ajak balen, malah kepara keluargane menyang omahku supaya aku gelem karo anake. Ananging aku wis wegah yen kon balen. Tatuku ora bakal tak laleake, menawa balen padha wae ya mung arep mangan jangan nget-ngetan sing bisa uga wis ora enak utawa sayup.

"Diana gek pekok, Mas. Ya wis sak anane wae ya, Mas." Aku krungu Ibu ngendika karo Mas Bayu kang wis rampungan olehe negor wit pelem ngarep omah. Rasane sansaya gething nalika krungu Bapak Ibu malah nyeritaake bab kakus mampet. Adhiku kang dadi biang keladi, mbasan ngerti menawa bapak arep bali, dheweke dolan kawit isuk amarga wedi didukani bapak.

"Sakmenika kakusipun sampun saged dipunagem dereng, Pak?" pitakone Mas Bayu. Seka njero kamar rasane aku pengin ngruket setan lanang iku. Gemes! Ananging saiki aku weruh wae lagi wegah.

"Ya durung wong kemau paralone malah pecah, Le. Sisuk anggone arep tuku paralon. Saiki aku wis kesel." Bapak katon memeng banget. Ibu nggresula karo Bapak. "Pak, mbok enggal dibenerake. Nek ora gek dirampungke mending aku tak akon Lek Tukimin."

"Kula mawon ingkang tumbas paralon. Mangkih dipunrampungaken sareng-sareng nggih, Pak." Mas Bayu ngadeg banjur mak sranthal lunga golek paralon, persis wong ngelih kang wetenge nrantang. Katon olehe kesusu lan wigati.

"Wah jan pancen calon mantu idaman. Beda karo Bapakmu iki sing mbiyen malah seneng ngintip Ibu adus,"

Ning njero kamar aku teturon sinambi ngenteni Mas Bayu bali seka anggone tuku paralon. Bapak katone ijik panggah ning ruang tamu udud karo wedangan. Ibu nuli nguprak-uprak Bapak supaya nyawisake peralatan kanggo mbenerake kakus mampet.

"Iki mumpung Bayu isa ngewangi. Menawa nunggu kowe isa nganti tahun ngarep oleh e ngising ning dapuran pring, Pak!" Ibu terus nggresula kawit Bapak bali ngomah mau isuk supaya mbenerake kakus dhisik tinimbang negor wit pelem.

Sinambi nunggu Mas Bayu bali, aku ngrungokake lagu-lagu lawas kang nadane sante kareben kahananku cepet adem ayem, ora kacau maneh. Ananging reka-reka kuwi ora ketekan amarga kasunyatane aku malah keturon nganti erep. Mbasan tangi kabeh wis peteng, Mas Bayu wis bali Semarang, adhiku wis bali ngomah malah lagi wae rampungan diompyang bapak kareben ora guwang pembalut ning kloset maneh.

"Mas Bayu wis kondur, Bu?" pitakonku.

"Uwis, Din. Mau kowe ditunggoni sue nanging ora gek tangi. Kae Mas Bayu numbaske soto kudus, neng ya nek saiki wis adem merga wis kawit mau awan. Kana diangetake sik banjur dimaem. Digemateni lho kowe ki, Din. Kok malah kowe wegah nemoni. Lha tujune Mas Bayu ora nesu kok ngonoake kuwi."

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun