Tak kira Mas Andi mung dolanan. Nanging aku kudu percaya, dina sabanjure Bapak Ibune Mas Andi mara menyang omah kanggo ngrembug perkara mantenan kang ora sida. Aku nangis kuciwa lan wirang. Salahku ana ngendi maneh? Apa sebabe wong lanang padha nyingkiri aku lan milih wong wadon liyane? Olehku kelara-lara sansaya jero mangerteni Mas Andi malah dhisiki rabi merga wong wadon iku wis ngandut.
Sing jarene umur enom iku kanggo seneng-seneng jebul isine ming tangis. Pengarep-arepku akeh kang pupus lan sue-sue gabug, kothong ora ana isine. Aku sue-sue kaya bledug kang kegawa angin. Luweh-luweh ora nggagas apa-apa maneh, wis wegah nduweni pengarep-ngarep.
"Kowe isih enom, Mustika. Isih dawa dalanmu sanajan maneka wena wis mbok liwati. Mesti ana pepadhang," ngendikane Ibu karo ngaras rambutku. "Ana pitutur kanggo saben perkara kang isa disinau lan dadi pangeling-eling."
Aku manthuk, sarujuk karo ngendikane Ibu.
"Mustika nyuwun pangapunten menawi kathah lelakon kula ingkang mboten mranani manah. Mustika mboten pengin sumerep Bapak lan Ibu wirang lang kuciwa. Mustika ugi mboten pengin ngraosaken pratawa-prastawa ingkang sampun kadadean. Kula janji badhe langkung atos-atos anggenipun milih tiang kakung."
Aku isih enom, dalanku isih dawa. Aku nuli nuwuhake pangarep-arep maneh.