Mohon tunggu...
Lina M
Lina M Mohon Tunggu... Lainnya - Wisteria

There's gonna be another mountain

Selanjutnya

Tutup

Cerpen Pilihan

Gedhe Wirangku, Gedhe Kuciwaku

20 Juli 2020   09:15 Diperbarui: 21 Juli 2020   22:43 2198
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Sumber gambar: galeri foto pribadi

Udan riwis-riwis sansaya ngiris atiku kang wis ajur mumur kaya lebu. Mripatku kaya-kaya ora tau garing saka eluh, guluku gerok merga kakean nangis. Nangisi wong kang ora perlu ditangisi, apa meneh diwenehi pengarep-arep.

Aku ora ngerti kleruku sisih ngendi. Aku ora ngerti salahku ing perkara apa. Aku ora ngerti kurangku babagan apa. Ananging sanajan ora ngerti saknyatane, aku rumangsa dadi bocah wadon apes kang ora pantes ditresnani lan ditlateni wong lanang. Aku nduweni panemu kaya mengkono amarga sasate anggonku kekancan karo wong lanang mesti nemoni bubar, lan aku kang mesti disingkiri, embuh kuwi nalika pacaran SMP nganti aku wis dewasa iki.

Mbiyen nalika SMP, SMA aku pancen kerep ganti pacar. Kepara isa cepet anggonku oleh ganti. Aku nganti diceluk mujur merga ora angel oleh kawigaten seka wong lanang. Mbiyen ngono kuwi udu perkara merga pancen isih bocah cilik kang seneng dolan lan dolanan. Yen saiki katon nggegirisi weruh dheweku dhewe kang sansaya jero anggone ajur mumur.

Anggonku lekas sumelang sawise aku putus karo Ega. Aku wis seneng-seneng sawise wisuda langsung kerja ana ing kantore Pak Dhe-ku, Ega dadi pawarta TV ing Jogja. Kene wis reka-reka 2 tahun sawise wisuda bakal rabi lan tuku omah ing perumahan cerak alun-alun. 

Ananging ora nyana yen mbengi sawise wisuda Ega nemoni aku lan ajak pisah. Alesane wis ora cocok karo aku. Alesan kuwi banjur tak tlesih. Jebul padha karo lanangan-lanangan sadurunge, yaiku nemu wong wadon kang luwih ayu lan ngluwihi aku sakabehe. Gedhe wirangku, banget kuciwaku.

Sakbanjure aku diceraki anake Kyai Muhsin kang lulusan Mesir, jenenge Dhimas. Aku seneng banget amarga Dhimas wonge adem, dewasa lan pinter agama. Keluarga wis rembugan maneka werna. Wis tukar cincin lan aku kerep diajak menyang pondok pesantren keluargane. 

Ananging tibane Dhimas milih wong wadon kang kurang luwih padha kaya dheweke. Ya memper ngajiku wae ora lancar kok gumedhe temen arep oleh bojo anake kyai kondang. Sawise kuwi aku milih dhewean kurang luwih rong tahun. Aku wis memeng srawung karo wong lanang. Alesan liyane merga aku sibuk kerja lan pancen lagi seneng-senenge kerja.

Kang kleru tak benerke, kang kurang tak pepaki. Merga aku wis kerja dadine aku isa gocek duit dhewe. Gocek duit, artine aku isa mbenekke anggonku mbiyen ora nyekel duit. Jarene aku jerawaten maraake ora ayu, saiki aku wis perawatan kulit ana ing klinik kecantikan. Kulitku saiki resik lan ora jerawaten maneh, kepara saiki akeh kang omong aku ayu kathik awet enom. 

Olehku sholat lan ngaji wis lancar, malah saiki aku rutin melu kajian. Intine kang mbiyen kirane dadi kekuranganku wis tak jajal benerake. Aku uga wis siap srawung karo wong lanang maneh. Dasare umurku wis nyandak. Ya sapa kang orang pengin nduweni bojo kang gemati lan anak kang lucu? Aku uga pengin.

Ananging aku kudu ngulu idu pait nalika wong kang banget tak tresnani mblenjani janji. Wong kang tak gadhang-gadhang dadi wong lanang kang isa mengku aku, ngejak urip bareng saklawase jebul medhot hubungan liwat tulisan kang dawane mung selayar.

Dek, Mas Andi nyuwun pangapura marang sliramu. Kasunyatane aku ora isa mujudake apa kang wis direka bareng-bareng.

Tak kira Mas Andi mung dolanan. Nanging aku kudu percaya, dina sabanjure Bapak Ibune Mas Andi mara menyang omah kanggo ngrembug perkara mantenan kang ora sida. Aku nangis kuciwa lan wirang. Salahku ana ngendi maneh? Apa sebabe wong lanang padha nyingkiri aku lan milih wong wadon liyane? Olehku kelara-lara sansaya jero mangerteni Mas Andi malah dhisiki rabi merga wong wadon iku wis ngandut.

Sing jarene umur enom iku kanggo seneng-seneng jebul isine ming tangis. Pengarep-arepku akeh kang pupus lan sue-sue gabug, kothong ora ana isine. Aku sue-sue kaya bledug kang kegawa angin. Luweh-luweh ora nggagas apa-apa maneh, wis wegah nduweni pengarep-ngarep.

"Kowe isih enom, Mustika. Isih dawa dalanmu sanajan maneka wena wis mbok liwati. Mesti ana pepadhang," ngendikane Ibu karo ngaras rambutku. "Ana pitutur kanggo saben perkara kang isa disinau lan dadi pangeling-eling."

Aku manthuk, sarujuk karo ngendikane Ibu.

"Mustika nyuwun pangapunten menawi kathah lelakon kula ingkang mboten mranani manah. Mustika mboten pengin sumerep Bapak lan Ibu wirang lang kuciwa. Mustika ugi mboten pengin ngraosaken pratawa-prastawa ingkang sampun kadadean. Kula janji badhe langkung atos-atos anggenipun milih tiang kakung."

Aku isih enom, dalanku isih dawa. Aku nuli nuwuhake pangarep-arep maneh.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun