Mohon tunggu...
Lina Saptorini
Lina Saptorini Mohon Tunggu... Guru - Guru Bahasa Jawa

Saya menyuakai hobi saya yaitu menulis yang akan saya buat konten dalam pembelajaran

Selanjutnya

Tutup

Pendidikan

Cerita Rakyat lan Mangerteni Jenis-jenise, Ngalasis Unsur Intriksik

17 Juli 2023   19:30 Diperbarui: 17 Juli 2023   19:33 4764
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Nggambarake kedadeyan-kedadeyan kang mokal anane (imajiner).

Statis, tetep, ora ana owah-owahan sing wigati saka jaman menyang jaman,

Crita rakyat iku duweni unsur-unsur kang bisa disinau kanggo nemokake tegese. Unsur-unsur sing bisa ditemokake ana ing sajroning crita bisa diarhi unsur intrinsik. Dene kang kalebu unsur intrinsik kayata: tema, latar, paraga, lan pesen/amanat.

Tema yaiku bab kang dadi dhasar/landesaning crita. Tegese, sawijining prakara kang diangkat lan dijabarake ana ing saperangah gedfie crita/pokok masalahe ciita. Tema-tema kang diangkat ana ing crita maneka warna kayata, legendha (asal-usule dhaerah/papan panggonan), crita dewa-dewi, bathara-bathari, donyaning kewan (fabel), lan samubarang kang bisa nggambarake menawa tumihdak kang becik mesthi bakal menang katndhingake tumindak kang ala dan durjana.

Adhedhasar tema kang wus tinemtokake, crita banjur ditindakake dening paragaparaga (lakon-lakon) sing siji lan sifine nduweni watak wantu. (perilaku lan watak) kang seje. Ana paraga kang kalebu paraga protagonis (apik, patriotik, tumindake bener). Ana uga paraga antagonis (jahat, kasar, lan liya-liyane). Unsur intrinsik liyane yaiku latar. Latar minangka katrangan kang nduduhke panggon-panggon lan titimangsa/wayah dumadine kedadeyan-kedadeyan ing crita. Latar bisa uga dimangerteni sakabehing prakara kang dadi (atar belakange dumadine crita (latar sosial).

Yen pamaos wus ngrampungake anggone maca crita, methine akeh sithik bakal kena pangaribawa dening isining crita. Kayata, aja tumindak kaya paraga mengko bakal nemu cilaka. Kang kaya mangkono mau mbuktekake manawa ing njeroning Gita jebul ana amanat. Amanat yakuwi pituduh kang sinimpen ing crita. Amanat bisa bae kaserat langsung liwat narasinp pengarang utawa dialog kang katindakake dening paraga-paraga ing crita, nanging bisa uga sinandi ing crita wutuhe (kasirat). Para pamaos bisa nangkep amanat kang kasirat kanthi nyimpulake dhewe saka dalan critane (alur).

2.    Perangane Crita Rakyat

a.  Fabel

Fabel yaiku crita rakyat sing dadi jejering lakon arupa kewan. Kang adaf tata carane kaya manungsa. Upamane kaya ing ngisor iki.

1)    Serat Kancil tanpa Sekar, dening Ki Padmasusastra

2)    Dongeng ato Kewan, dening dr. Priyana Winduwinata.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
Mohon tunggu...

Lihat Konten Pendidikan Selengkapnya
Lihat Pendidikan Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun